SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)
Serat
Wulangreh Pupuh Sinom
Kompetensi Dasar
3.2. Memahami teks Piwulang
Serat Wulangreh pupuh Sinom
Indikator
3.1.1
Menyebutkan nama penulis “Serat Wulangreh”
3.1.2
Menjelaskan struktur “tembang macapat Sinom”
3.1.3
Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi Serat Wulangreh
dalam pupuh “tembang macapat Sinom”
3.1.4
Menuliskan isi pokok tiap bait Serat Wulangreh dalam pupuh “tembang
macapat Sinom”
Serat Wulangreh iku
salah siji asiling karya satra jawa kang kawentar (terkenal). Isine
Serat Wulangreh wujude tembang macapat kang ngemot (memuat) telulas (13)
pupuh, yaiku
1.
Pupuh Dhandhanggula
2.
Pupuh Kinanthi
3.
Pupuh Gambuh
4.
Pupuh Pangkur
5.
Pupuh Maskumambang
6.
Pupuh Megatruh
7. Pupuh Durma
9. Pupuh Pocung
10. Pupuh Mijil
11. Pupuh Asmaradana
12. Pupuh Sinom
13. Pupuh Girisa
Saben pupuh mau duwe
pathokan (aturan) beda-beda.
Serat Wulangreh iku
ditulis dening Sri Sunan Pakubuwono IV Raja Kraton Kasunanan
Surakarta Hadiningrat kang kaping III. Panjenengane jumeneng dadi raja taun 1788 - 1820.
Ing
kalodhangan iki, para siswa bakal sinau Serat Wulangreh Pupuh Sinom. Ing Pupuh
Sinom iki jumlah pada/ baite kabehe ana 33. Nanging sing disinau ora kabeh, mung sethithik wae
kanggo latihan.
A. Mahami Strukture
Tembang Sinom
Wacanen teks tembang sinom ngisor iki!
Ambeke kang wus utama,
tan ngendhak gunaning jalmi,
amiguna ing aguna,
sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi,
bodhone didokok ngayun,
pamrihe den inaa,
mring padha padhaning jalmi,
suka bungah den ina sapadha-padha.
Tembang
macapat duwe pathokan/aturan werna 3 yaiku:
1.
Guru
gatra
Yaiku cacahe/jumlahe gatra/ larik saben
sabait tembang, yen digambar kaya ngene :
( pada/bait iki dumadi saka 9 baris )
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
2.
Guru
wilangan
Yaiku
jumlahe wanda/suku kata saben gatra/larik tembang, jelase kaya ngene :
Am
bek - e kang wus u ta
ma
1 2 3 4 5 6 7 8
(
larik ing dhuwur duwe 8 suku kata )
lan sateruse saben larik ing gatra tembang mau
dietung jumlah suku katane pira
3.
Guru
lagu
Yaiku tibane swara vokal ( a, i u, e, o ) ing pungkasan/akhir larik, tuladhane iki :
Ambeke kang wus
utama
(a)
tan ngendhak
gunaning jalmi (i)
amiguna ing
aguna
(a)
Kanthi
penjelasan ing dhuwur para siswa saiki ngerti jeneng-jenenge tembang macapat lan apa bae pathokane. Perlu dingerteni yen
pathokan mau ora padha saben tembange.
Coba kanggo latihan, golekana kanthi utuh pathokane tembang Sinom ing dhuwur
mau!
No |
guru gatra |
guru wilangan |
guru lagu |
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
|
B.
Mahami Isine Tembang Sinom
Wacanen
teks tembang Sinom lan teks ing sisih tengene!
Teks
Sinom ing Wulangreh |
Teks
Basa Jawa bebas (artine) |
Ambege kang
wus utama, (1) tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha. |
Sikape wong sing wis sampurna, ora ngremehke kepinterane wong liya, ora minteri wong sing ora pinter, tingkahe kudu manpaat, kepinterane diumpetake (ora pamer), bodhone dideleh ngarep (dituduhake) tujuane ben diece (dipoyoki), karo wong-wong
liya, krasa seneng nek diece wong liya. |
Ingsun uga tan mangkana, (2) balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune
ngluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita. |
Nek aku uga ora kaya ngono, bodhoku sing takumpetake, kepinterane tak deleh ngarep (pamer), sebab isin nek diarani, bodhone kebangeten, nanging nyatane bodho temenan, dene ing jero ati (niyate), tumindake ben diarani pinter ora rumongsa akeh ngomonge ngapusi. |
Tur duk ingsun masih bocah, (3) akeh kang amituturi, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking ngebuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan. |
Wektu aku isih bocah
(cilik) akeh banget sing nuturi (nyritakake), tumindake wong-wong kuna, olehe ngabdi carane kang becik lan uga ana crita, kang durung mesthi bener sumbere, yaiku sing diarane dongeng, nanging meksa aku iki, tetep ora tambah kepinterane. |
Carita nggonsun nenular, (4) wong tuwa kang momong dhingin, akeh kang sugih cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tata krama ing pratingkah karaharjan. |
Crita sing dakomongake iki, saka wong tuwa mbiyen sing momong, akeh sing sugih crita, dakrungokake awan bengi, tekan saiki isih kemutan, sawise aku dhewasa (gedhe), bapak sing maringi nasihat, lan ibu sing nuturi (ngelikake), bab tatakrama tumindak kang apik. |
Nanging padha estokana, (5) pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggonen pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa. |
Nanging padha lakonana, nasihat
sing ditulis iki, yen kowe padha kepingin slamet, nganggoa nasehat iki, anggonku ngemut-emut, nasihate wong tuwa-tuwa, muga- muga padha bisa, nganggo nasihat iki, wulangane wong tuwa iku
mberkahi. |
Lan aja nalimpang madha, (6) mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan. |
Lan aja padha wani nyepelekake (ngina) marang leluhur mbiyen, kabeh tindakane bisa dingerteni, ngurangi mangan lan turu lan nyiksa awake dhewe (tirakat), kanggo ngresiki awak, mula kesembadan kabeh kepinginane, dene wong nek ndonga marang
Allah, yen isih suwe dicepetake kelakone. |
Hyang sukma pan sipat murah, (7) njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa. |
Gusti Allah sipate murah, ngabulake hajate manungsa, sing temen (tekun) temenanan, iku wis disebutake ing dalil (hadits), buktine uga wis ana, yaiku Ki Ageng Tarub, dhisik dheweke kang nyuwun (ndonga), ora pedhot tekan anak-anake, putu buyut canggah wareng sing nampa |
Panembahan senopatya, (8) kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira. |
Panembahan
Senopati, sing dadi raja ing Mataram, cocok karo dhawuhe (hadis), nugrahane Gusti Allah, keturunane lestari pada dadi raja, saka berkahe leluhur, nyuwun supaya lestari nugrahane, tekan keturunane sing keri, wajib
uga kowe nuru lelakone. |
Sawise maca pasinaon ing dhuwur, garapen latihan iki!
1. Sinten ingkang nyerat Serat Wulangreh?
2. Ingkang nyerat Serat Wulangreh menika
raja ing kraton pundi?
3. Sekar Sinom ing Serat Wulangreh ngemot
pinten pada/bait?
4. “Ambeke kang wus utama”. Baris iku mau
tegese ….
5. Wong sing watake utama iku rumangsa yen
kabeh tumindake kudu kepiye
6. Bodhone sing dituduhake// tujuane supaya
diece// dening wong liya//. Ukara iku padha karo isine tembang Sinom ing
ndhuwur gatra/ baris sing ka pira ?
7. Manut tembang Sinom ing ndhuwur, wong
kang wis sampurna kapinterane sikape kepiye?
8.
“balilu
kang sun alingi” gatra/ / baris mau tegese ….
9.
Manut
pada/bait mau, wong sing ora pinter olehe ngomong kepiye?
10. Manut isine pada 5, yen
kepengin uripe slamet, apa sing kudu dilakoni?
Komentar
Posting Komentar