UNDHA USUK BASA JAWA



            Srawung ing masyarakat antarane wong siji lan liyane  mbutuhake basa  minangka alat komunikasi. Ing masyarakat Jawa ana undha usuk (tingkatan) panganggone basa. Dadi basa sing dienggo omongan ora padha antarane wong sing umure padha karo wong sing umure luwih tuwa. Kabeh mau jumbuh (sesuai) karo panguripane wong Jawa sing tansah ngupaya nganggo tata krama. Mula becike kita  minangka wong Jawa gelem sinau lan nganggo tata krama mau.

Undha usuk basa Jawa ana 4, yaiku 

  1. Ngoko lugu
  2. Ngoko alus
  3. Krama lugu
  4. Krama alus

3     Supaya luwih jelas kepiye cara nganggone, wacanen andharan ing ngisor iki !

1. Ngoko Lugu

·              Basa ngoko lugu, tembung-tembunge ngoko kabeh.

·       Biasane dienggo omong-omongan lan utawa ngomongake antarane wong sing umurane padha utawa meh padha lan wis kenal raket/akrab. Upamane karo kanca dhewe, kakange, adhine. Contone 


Tom, kowe mengko maring sekolahan jam pira ?

Yun, kae latare disaponi !

Mas Toni lagi maca buku crita wayang.

2. Ngoko Alus

·         Basa ngoko alus tembung-tembunge ngoko dicampur krama alus/inggil.

·         Dienggo omong-omongan karo wong tuwa sing wis raket/akrab  utawa ngomongake wong tuwa. Upamane matur/ ngomong marang wong tuwane dhewe.

·         Tembung sing kudu diganti dadi krama alus yaiku :

a.       tembung kriya (tembung sing nuduhake pegawean) sing lagi ditandangi dening wong tuwa. Conto perubahane saka ngoko lugu dadi ngoko alus :


Ngoko Lugu

Ngoko Alus

Bapak lagi mangan sega goreng.

Bapak lagi dhahar sega goreng

Ibu lunga pasar tuku iwak lele.

Ibu tindak pasar mundhut iwak lele.

Simbah apa wis adus ?

Simbah apa wis siram ?


b.      Tembung aran (tembung sing nuduhake barang-barang) sing dadi duweke wong tuwa/ wong sing diajeni/dihormati Conto perubahane kaya ing ngisor iki :


Ngoko Lugu

Ngoko Alus

Bu Ani lagi lunga karo anake.

Bu Ani tindak karo putrane

Ibu nganggo klambi biru.

Ibu ngagem ageman biru.

Omahe Pak Amir cet-e kuning.

Daleme Pak Amir cet-e kuning

 

3. Krama Lugu

·         Basa krama lugu, tembung-tembunge krama kabeh tapi dicampur krama lugu (mengko delengen daftar tembung krama lugu )

·         Krama lugu dienggo nalika kita ngomong/ matur karo wong tuwa tapi sing diomongake awake dhewe/ wong liya sing umurane padha karo kita.

·         Ing ukara/kalimat, tembung krama lugu panggonane ing tembung kriya/pagawean sing dilakoni awake dhewe lan tembung aran/ barang duweke awake dhewe 

Conto perubahan Ngoko Lugu dadi Krama Lugu ing ngisor iki :

Ngoko Lugu

Krama Lugu

Riyati durung bali.

Riyati dereng wangsul.

Dina iki aku arep lunga karo Nia.

Dinten menika kula badhe kesah kaliyan Nia.

Omahku ana ing wetan kali

Griya kula wonten ing wetan lepen.

4. Krama Alus/Inggil

·         Basa Krama alus/inggil, tembung-tembunge krama kabeh tapi dicampur karo krama alus/inggil (mengko delengen daftar tembung krama alus/inggil)

·         Krama alus/inggil dienggo nalika kita ngomong karo wong tuwa/sing dihormati tapi sing diomongake tentang wong tuwa mau/wong tuwa liyane sing dihormati.

·         Ing ukara/kalimat, tembung krama alus panggonane ing tembung kriya/pagawean sing ditindakake wong tuwa lan tembung aran/barang duweke  wong tuwa. 

Conto perubahan Ngoko Lugu dadi Krama Alus  ing ngisor iki :

Ngoko Lugu

Krama Alus

Ibu wis bali saka pasar.

Ibu sampun kundur saking peken.

Simbah lungguh karo ndeleng TV.

Simbah lenggah kaliyan mriksani TV.

Bapak lunga numpak motor.

Bapak tindak nitih motor.


DAFTAR TEMBUNG KRIYA PADINAN MANUT UNDHA USUK BASA 

NGOKO

KRAMA LUGU

(kanggo awake dhewe/sing umurane padha)

KRAMA ALUS/INGGIL

(kanggo wong tuwa)

tangi

tangi

wungu

adus

adus

siram

mangan

nedha

dhahar

ngombe

nginum

ngunjuk

mangkat

bidhal

tindak

teka

dugi

rawuh

lunga

kesah

tindak

numpak

numpak

nitih

mlaku

mlampah

tindakan

nggawa

mbeta

ngasta

nggawe

damel

ngasta

maca

maos

maos

nulis

nyerat

nyerat

lungguh

linggih

lenggah

turu

tilem

sare

krungu

mireng

mireng

njaluk

nyuwun

ngersakaken

menehi

nyukani

maringi

ngantuk

ngantuk

arip

nganggo

ngangge

ngagem

duwe

gadhah

kagungan

  

Daftar tembung ing dhuwur mung iku mung sawetara conto. Isih akeh maneh liyane, bisa digoleki ing buku kaya Pepak Basa Jawa, kamus, lan uga ing Google, sing penting gelem lan sregep sinau supaya bisa ngecakke unggah-ungguh basa Jawa. Aja wedi salah mundhak ora bisa. Salah ora apa-apa kena didandani, tinimbang ora wani nyoba. 

Ana latihan soal sing kudu digarap. Tapi olehmu nggarap kudu maca materi ing dhuwur dhisik supaya hasile apik !

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )