SERAT WULANGREH ( Materi BDR Kelas 7/ 2 )




Kompetensi Dasar :

3.2  Menelaah teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

 

Indikator :

3.2.1  Mengartikan  kata-kata  yang  dianggap  sulit  yang  terdapat  dalam  teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur.

3.2.2  Menyebutkan  isi  teks  piwulang  Serat    Wulangreh  Pupuh  Pangkur  pada setiap baitnya.

3.2.3  Menjawab pertanyaan tentang isi  Serat Piwulang Pupuh Pangkur.

3.2.4  Menuliskan isi teks piwulang Serat  Wulangreh Pupuh Pangkur

 

 

 

SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

 

Serat Wulangreh iku anggitane ( : ditulis ) Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, panulise nganggo basa lumrah, tetembungane wantah, prasaja lan lugu, gampang ditampa lan dingerteni.

Serat Wulangreh ing kasusastran Jawa dianggep minangka karya sastra kang pinunjul (unggulan) sebab :

1.   Isine piwulang kabecikan, bisa dadi  tuladha lan paugeran ( pathokan ) kanggo wong urip.

2.   Panulise nganggo basa kang lumrah, tembung-tembunge ( kata ) apa anane, ceplas-ceplos apa nyatane. Saengga ndadekake gampang dipahami.

3.  Pujanggane ( : penulise ) mujudake priyagung   luhur  kang   pantes   dipundhi-pundhi,   kang mberkahi lan nyawabi  kanggone masyarakat Jawa, yaiku Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV,  misuwur ( terkenal ) lurus  ing budi , lan bagus ing rupa.



 

Serat Wulangreh  sacara garis besar isine yaiku:

 

1.   Piwulang carane  milih guru kang becik.

 

2.   Piwulang carane  milih sesrawungan ( pergaulan ).

 

3.   Piwulang aja nganti duwe watak : adigang, adigung lan adiguna.

4.   Piwulang bab tatakrama lan liyane.


Serat Wulangreh isine dumadi saka warna-warna tembang yaiku :

 

            

        No

       Arane pupuh

      Cacahing bait

 

1

Dhandhangula

8

2

Kinanthi

16

3

Gambuh

17

4

Pangkur

17

5

Maskumambang

34

6

Dudukwuluh / Megatruh

17

7

Durma

12

8

Wirangrong

27

9

Pocung

23

10

Mijil

26

11

Asmaradana

28

12

Sinom

33

13

Girisa

25


Siswa kelas VII,  kang disinau  Teks Serat Wulangreh Pupuh Pangkur kang isine nyaritakake ala lan becike manungsa,  dideleng saka tumindake. Salah sijine pada ( bait ) unine kaya ngene :

          PANGKUR

Kang sekar pangkur winarna

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipunkadulu

miwah ingkang tatakrama

den kaesthi siyang ratri


.Nalika para siswa maca tembang mau, mesthi bakal ketemu tembung-tembung ( kata-kata ) sing angel lan ora dingerteni. Wis diterangake ing dhuwur, Serat Wulangreh iki mujudake karya sastra unggulan ing Kasusastran Jawa, amarga isine arupa pitutur sing apik banget kanggo kita kabeh lan bisa kanggo pathokan ing urip bebrayan. Mula eman-eman yen Wulangreh iki ora dingerteni artine. Supaya bisa ngerti artine tembang mau, waca lan tulisen tembung-tembung ing ngisor iki ing buku tulis mapel Bahasa Jawa !

 

Tembung angel ing Tembang Pangkur pada 1

 

sekar                            = kembang, tembang

winarna                        = wujude, dicritakake

lelabuhan                     = pangorbanan

prayoga                        = becike, apik

kawruhana                   = ngertenana

adat waton                  = adat, kebiasaan

dipunkadulu                = dingerteni, digatekakae

miwah                          = karo, lan

den kaesthi                  = dilakoni temenanan

siyang                          = awan

ratri                              = bengi

 

Yen diowahi nganggo Bahasa Indonesia, tembang mau tegese kaya ngene :

 

Tembang Pangkur ini memuat nasehat,

seyogyanya  kamu memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan,

tentang hal yang baik maupun buruk, 

sebaiknya engkau ketahui,

adat dan aturan juga perlu diperhatikan,

serta  tata krama,

harus kau lakukan sungguh-sungguh siang maupun malam

 


Sawise maca terjemahan ing dhuwur mesthi para siswa wis luwih paham isine tembang Pangkur mau. 

Aja lali tulisen apa-apa sing dianggep penting sadurunge para siswa nggarap latihane. Kaya ta:


1. Sapa sing nulis/ ngarang Serat Wulangreh?

2. Apa keunggulane Serat Wulangreh?

3. Apa pitutur/ nilai-nilai luhur sing ana ing Serat Wulangreh ( digoleki  kabeh, aja mung siji )



Tugas  1

Nggarap soal latihan bab tembang pangkur Serat Wulangreh sing mengko diparingi Bu Guru.



Tugas 2

Bait tembang pangkur ing dhuwur mau didadekake basa jawa ngoko tapi nganggo tembung lan basamu dhewe. Garapanmu ditulis ing buku tulis mapel Bahasa Jawa. Sawise rampung, disimpen dhisik lan dilaporake mbesuk nalika wis tatap muka.





Kanggo nggarap latihan TUGAS 1 penilaian PENGETAHUAN klik link:


https://forms.gle/E2zp2xmAsAq9yqNCA





Kanggo nggarap TUGAS  2, PENILAIAN KETERAMPILAN klik link:


https://forms.gle/JqTZGZd1LsXaNebX6


Komentar

  1. https://belajarbsjawa08.blogspot.com/2020/07/materi-bdr-kelas-7-2.html?m=1

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )