SERAT WULANGREH PUPUH DHANDHANGGULA ( Materi BDR kelas 9 )
Kompetensi Dasar :
3.2 Mengapresiasi
teks piwulang Serat Wulangreh
Pupuh
Dhandhanggula
Indikator :
3.2.1 Mengartikan kata-kata yang
dianggap sulit yang terdapat dalam teks
piwulang Serat Wulangreh Pupuh
Dhandhanggula.
3.2.2 Mengajukan
dan menjawab pertanyaan
tentang isi
Serat Piwulang
Pupuh
Dhandhanggula
3.2.3 Mengungkapkan nilai-nilai luhur piwulang Serat Wulangreh
Pupuh
Dhandhanggula
SERAT WULANGREH
PUPUH DHANDHANGGULA
Serat Wulangreh iku anggitane
( : ditulis ) Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, panulise nganggo basa lumrah, tetembungane wantah, prasaja
lan
lugu, gampang ditampa lan
dingerteni.
Serat Wulangreh ing kasusastran Jawa dianggep minangka
karya sastra kang pinunjul (unggulan) sebab
:
1. Isine piwulang kabecikan, bisa dadi
tuladha lan paugeran ( pathokan ) kanggo wong urip.
2. Panulise
nganggo basa kang lumrah, tembung-tembunge ( kata ) apa anane, ceplas-ceplos
apa nyatane. Saengga ndadekake gampang dipahami.
3. Pujanggane
( : penulise ) mujudake priyagung luhur kang pantes dipundhi-pundhi, kang mberkahi lan nyawabi kanggone masyarakat Jawa, yaiku Kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV, misuwur ( terkenal ) lurus ing
budi , lan bagus ing
rupa.
Serat Wulangreh sacara garis besar isine yaiku:
1. Piwulang carane milih guru kang becik.
2. Piwulang carane milih sesrawungan
( pergaulan ).
4. Piwulang bab tatakrama lan
liyane.
Serat Wulangreh isine dumadi saka warna-warna tembang
yaiku :
No.
Nama Pupuh
Jumlah pada/bait
1
Dhandhangula
8
2
Kinanthi
16
3
Gambuh
17
4
Pangkur
17
5
Maskumambang
34
6
Dudukwuluh / Megatruh
17
7
Durma
12
8
Wirangrong
27
9
Pocung
23
10
Mijil
26
11
Asmaradana
28
12
Sinom
33
13
Girisa
25
sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira
Tegese ing Bahasa Indonesia yaiku:
-Perlambang dalam hidup ini
-Sungguh sulit jika kau tak memahaminya
-Akhirnya tidak akan tenteram hidupmu
-Banyak orang yang mengaku
-Merasa dirinya sudah pandai
-Padahal sebenarnya belum paham
-Pada rasa / ilmu yang sesungguhnya
-Oleh karenanya ilmu itu
-Upayakan kaupahami agar jadi sempurna
-Di kehidupanmu
Nalika para siswa maca tembang mau, mesthi bakal ketemu tembung-tembung
( kata-kata ) sing angel lan ora dingerteni. Wis diterangake ing dhuwur, Serat
Wulangreh iki mujudake karya sastra unggulan ing Kasusastran Jawa, amarga isine
arupa pitutur sing apik banget kanggo kita kabeh lan bisa kanggo pathokan ing
urip bebrayan. Mula eman-eman yen Wulangreh iki ora dingerteni artine. Supaya
bisa ngerti artine tembang mau, waca lan tulisen tembung-tembung ing
ngisor iki ing buku tulis mapel Bahasa Jawa !
Tembung angel ing
Tembang Dhandhanggula pada/bait 2
sasmita = pratandha
ngaurip = urip
ewuh = pangorbanan
ora weruh = ora paham
tan = ora
jumeneng = ngadeg (tegak/tenang/tenteram)
ngaku-aku = ngaku (mengaku)
pangrasane = rumangsa (merasa)
sampun udani = wis ngerti
tur = lan
wruh = weruh/ ngerti/
paham
rasa = rasa/
ilmu
satuhu = sabenere/
sanyatane
upayanen = (berusahalah)
darapon = supaya
kauripanira = uripmu (kehidupanmu)
Sawise maca tembang sabait lan terjemahane ing bahasa Indonesia ing
dhuwur mesthi para siswa wis luwih paham isine tembang Dhandhanggula mau.
Gatekna pada/bait tembang Dhandhanggula ing dhuwur mau. Pathokane tembang Dhandhanggula yaiku:
- guru gatra ( jumlah baris saben sa bait ) ana 10
- guru wilangan ( jumlah suku kata saben baris ) : 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
- guru lagune ( tibane swara a, i, u, e, o ing akhir baris ) : i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
Minggu ngarep iki bakal dibahas luwih akeh maneh
Saiki tulis lan garapen latihan soal ing ngisor iki ing bukumu catetan Bahasa Jawa!
- Sapa sing nulis/ ngarang Serat Wulangreh?
- Serat Wulangreh ditulis kanthi wujud/bentuk apa?
- Sasmitane ngaurip puniki. Tembung "sasmita" tegese apa?
- Pangrasane sampun udani. Baris mau duwe teges apa?
- Tembang Dhandhanggula jumlah gatra/ barise ana pira?
- Mula sinau iku kudu diupayakake ngerti nganti temenan supaya bisa sampurna uripmu. Ukara mau mujudake isi saka baris sing ka-pira saka tembang mau?
- Apa bae sing dadi pathokane tembang macapat iku?
- Tan jumeneng ing uripe. Apa tegese baris mau?
- Akeh kang ngaku-aku. coba golekana guru gatra lan guru lagune baris kasebut!
- Pada/bait 2 Tembang Dhandanggula Serat Wulangreh sing disinaoni ing dina iki duwe pitutur luhur apa ( amanate sing bisa dijukut apa? )
Yen materi lan soal ing dhuwur wis ditulis lan digarap ing bukumu, para siswa bisa nggarap soal latihan bab tembang Dhandhanggula Serat Wulangreh sing mengko diparingi Bu Guru ing Google Form.
Muga- muga SUKSES !!!
Komentar
Posting Komentar