TEKS NARASI ( Materi BDR kelas 7 semester 1 )
Teks Narasi yaiku karangan utawa paragraf, sing nyritakake kedadean/ peristiwa kanthi waktu sing runtut saka wiwitan ( awal ) nganti pungkasan ( akhir )
Wacanen teks narasi ing ngisor iki !
Telat Sekolah
Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere mulai jam 8 rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrungokake swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne. Pokoke seneng.
Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi, langite wis peteng ndhedhet. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlakune. Bisa luwih iki. Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal muring-muring merga aku mulih kewengen.
Tekan
ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku duka lan nyeneni aku. Suwe
banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki
pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Wah ....... aku banjur kelingan yen aku ana PR matematika sing durung tak garap.
Mlebu
kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung
nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh PR matematika angel banget. Aku lagi
rampung jam loro bengi.
PR
wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku ngglethak ana ing kasur. Mripatku wis
kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.
Dhog...dhog...dhog….
Swara
iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku
kenal banget. “Gus.. Agus.. tangi le.. wis awan!” Iku swarane ibuku. Ibu nyeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak
HP ku, tak delok jam, wadhuh….
Wis
jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat
sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.
Sumber: ‘Contoh
Paragraf Narasi Bahasa Jawa Tentang Pengalaman Pribadi’, Jawalogger
Ing wacan narasi duwur, ana tembung kang katulis miring ‘peteng ndhedhet’ , tembung kuwi sing digolongake
tembung Saroja.
Tembung Saroja yaiku tembung loro sing padha tegese utawa meh padha tegese tapi dienggo bareng-bareng. Tembung saroja iki akeh dienggo ing pacelathon saben dina, tapi wong sing nganggo akeh sing ora ngerti yen sing diucapake iku tembung saroja. Contone tembung saroja liyane akeh banget, kaya ta:
adiluhung
colong jupuk
akal budi
edi peni
andhap asor
gagah prakosa
angkara murka
gandhes luwes
angkat junjung
gemah ripah
arum wangi
gotong royong
ayem tentrem
gulung koming
babak bundhas
iguh pratikel
babak belur
jalma manungsa
bagas waras
japa mantra
bobot timbang
kanca batir
sopan santun
tata krama
lan liya-liyane
Tuladhane ukara ( kalimat ) sing nganggo Tembung Saroja yaiku :
1. Taman iki ambune arum wangi amarga akeh kembang-kembang padha mekar.
2. Copet kuwi awake babak bundhas diantemi wong sakpasar.
3. Muga-muga awake dhewe kabeh diparingi bagas waras.
Yen wis rampung sinau lan nyatheti sing penting-penting, para siswa bisa nggarap latihan soale. Aja grusa-grusu, digarap sing teliti lan ati-ati supaya hasile luwih apik.
Kanggo bahan latihan soal klik link ing ngisor iki:
https://forms.gle/FKYTfRQgGWVawt4b8
Kanggo Ulangan Harian klik link iki:
https://forms.gle/zJLmRHQhDB33PTCX9
4.1. Menulis ringkasan teks narasi tentang
peristiwa atau kejadian
Para siswa isih kelingan karo crita “Telat Sekolah” ya? Yen isih durung paham critane bisa diwaca maneh bacaane ing dhuwur kuwi.
Sawise
kelingan isi crita mau, terus gawenen ringkesan
tapi nganggo basamu dhewe, basa Pemalangan. Jenenge ringkesan, tegese crita
sing dawa digawe luwih cekak/ringkes tapi ora ngowahi ( tidak mengubah ) isine
wacan. Dadi aja ditulis maneh padha dawane. Kudu luwih cekak! Intine bae. Aja lali unsur-unsur carita kaya: jenenge tokoh, panggonane, peristiwane, aja diilangi. Dadi ringkes tapi tetep ora ngilangi unsur-unsur mau.
Yen wis
rampung olehe ngringkes, hasile garapanmu mau difoto lan diunggah kaya prentahe
Bu Guru.
Komentar
Posting Komentar