CERITA RAKYAT AJISAKA

28 Agustus 2021

Assalamualaikum wr wb....

Sugeng enjang para siswa. Ayo tansah muji syukur marang Gusti sing wis maringi kesehatan lan nugraha marang kita kabeh. Ing dina iki bocah-bocah diparingi Ibu Guru  Carita Aji Saka. Ayo caritane diwaca dhisik!

                                AJI  SAKA




 

Kacarita ing jaman mbiyèn ana nom-noman saka Tanah Hindhustan jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané raja, tapi kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenenga mulang kawruh (ilmu pengetahuan) warna-warna. Dhèwè terus kepéngin lunga nyiara ilmu kawruh ing Tanah Jawa.

Sawijining  dina Aji  Saka sida  mangkat  menyang Tanah  Jawa,  karo abdiné (pandherek) papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng perjalanane  tekan ing Pulo Majethi  padha  lèrèn.  Ing pulo mau  abdiné  loro ditinggal, yaiku  Dora  lan  Sambada. Déné  Aji  Saka  karo  Duga  lan  Prayoga nerusake menyang  Tanah  Jawa.  Dora  lan Sambada diweling ora olèh lunga saka pulo Majethi kono. Saliya iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi njaga, ora olèh diweneha marang sapa-sapa.

Aji Saka tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing dadi raja ing kono jejuluk Prabu Déwata Cengkar. Patihé arane Kyai Tengger.  Sang prabu iku senenga dhahar dagingé wong. Rakyaté akèh sing padha wedi banjur padha pindhah menyang negara liya.

Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan dadi guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswa padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung. Nalika semana Aji Saka mondhok nèng oma Nyai Randha Sengkeran, dipèk anak karo Nyai Randha. Kyai Patih karo Nyai Randha iya melu dadi siswane Aji Saka.

Ing sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka (nesu) banget sebab ora ana manèh wong sing bisa didhahar. Aji Saka ngajukake awake saguh didhahar Sang Prabu. Nyai randha lan Patih kagèt banget lan rumangsa eman-eman. Nanging Aji Saka matur yèn wong loro iku ora usah kuwatir, dhèwè ora bakal mati. Banjur Aji Saka diatera ngadhep Prabu Déwata Cengkar.

Prabu Déwata Cengkar weruh Aji Saka rumangsa éman-eman, malah arep ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Aji Saka matur, dheweke gelem didhahar Sang Prabu, tapi ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah sing jembaré saiket ( sorban ). Sing ngukur lemah mau kudu Sang Prabu dhéwé.

Sang Prabu Déwata Cengkar setuju . Nuli wiwit ngukur lemah mau. Iket (sorban) duweke Aji Saka dijèrèng (digelar). Tapi iketé tansah mulur b, dadi tambah amba lan dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, Ajisaka ngebutake sorbane mau. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, sing nguwasani saisining segara kidul.

Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna (ilang).  Saka panjaluké wong akèh. Aji Saka nggantèni dadi ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, utawa Prabu Widayaka. Dé patihé isih ajeg Kyai Patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, arané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.

Kacarita Sang Prabu Widayaka, lagi  diadhep kyai patih serta para bupati. Sang Prabu kèngetan (kelingan) abdiné sing didhawuhi ngreksa (njaga) pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Terus ndangu (takon) marang Duduga lan Prayoga kepriyé kabaré si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu kabar apa-apa.

Si Dora lan Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi wis padha krungu kabar yen Aji Saka dadi ratu ana ing Mendhang Kamolan. Si Dora ngajak Sembada ngadhep Aji Saka nanging Sambada ora gelem sebabe wedi nglanggar perintahe gustiné, yaiku ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora ditimbali.

Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké (ditinggal tanpa pamit). Banjur mangkat ijèn w. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Sebab si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsa sang prabu tanpa Si Sembada.

Sang Prabu ndangu Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn Sembada ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali karo prentahe dhéwé  biyen.  Dora  didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan ngajak si Sambada sowan marang Sang Prabu. Yèn tetep ora gelem didhawuhi dirampungi (dipateni sisan) lan kerisé dijukuk.

Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan Sang Prabu lan diutus nimbali Sambada. Pusaka keris sing biyen dititipake didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandha si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha adu kekuatan, ora ana sing kalah, awit padha sektiné. Akhire banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.

Sang Prabu ngarep-arep teka si Dora. Wis sawetara suwé durung sowan- sowan mangka didhawuhi énggal bali. Terus Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora lan Sambada menyang pulo Majethi. Wong loro mau  mangkat.

Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget dé Dora lan  Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas  padha tatu kena ing gaman. Pusaka kerise Aji Saka biyen sing tau dititipake gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.

Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsa gustiné lan nyritakake kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng kabar mau, awit pann salahane dhéwé wis kesupèn (lali) karo pandhawuhé (prentahe). Banjur sang prabu nganggit (ngarang) aksara Jawa nglegena kanggo ngeling-eling abdiné loro iku. Dene aksara mau unine :

" Hana caraka" tegese  ana  utusan

" Data sawala " tegese padha regejegan (padha tukaran)

" Padha jayanya " tegese padha  digdayane (padha sektine )

" Magabathanga " tegese padha dadi bathang (padha matine)


Kapethik saking : https://jv.wikipedia.org/wiki/Carita_Aji_Saka )


Sawise bocah-bocah maca cerita ing dhuwur tulisen soal-soal ing ngisor iki terus garapen ing bukumu!

  1. Aji Saka asale saka endi?
  2.  Aji Saka gegayuhane kepengin dadi apa?
  3. Aji Saka arep nyebarake ilmu menyang Tanah Jawa. Pandhereke ana papat arane sapa bae?
  4. Tindake Aji Saka mampir leren ing endi?
  5. Abdine sing ditinggal ing pulo mau sapa arane?
  6. Ing tanah Jawa Aji Saka njujug ing negara Kamolan. Sapa sing dadi raja ing negara mau?
  7. Apa kasenengane Sang Prabu?
  8. Ing negara mau Aji Saka diangkat anak dening sapa?
  9. Apa sebabe Sang Raja duka?
  10. Apa sing ditindakake Aji Saka nalika Sang Raja duka?
  11. Aji Saka gelem nuruti penjaluke Sang Prabu tapi dheweke uga duwe panjaluk apa?
  12. Nalika tekan pinggire ....... Sang Prabu kecemplung lan malih dadi ........
  13. Saka panjaluke warga, Aji Saka diangkat dadi raja. Sapa asmane?
  14. Kenangapa Sembada nolak diajak ngadhep Aji Saka?
  15. Sapa sing nyusul Dora lan Sembada?
  16. Aji Saka rumangsa gela amarga Dora lan Sembada padha tukaran nganti dadi matine. Kanggo ngeling-eling jasane wong loro mau, Aji Saka terus nggawe apa?
  17. Hana caraka tegese apa?
  18. Data sawala tegese apa?
  19. Padha jayanya tegese apa?
  20. Sebutna pitutur becik sing bisa dijukuk saka carita Aji Saka!

Yen wis rampung digarap soal-soal mau ing bukumu, saiki para siswa bisa nggarap ing Google Form. Muga-muga SUKSES!!!!


 









Komentar

  1. 1.ajisaka asale saka tanah hindustan
    2.kepingin dadi pandhita sing pinter
    3.duga,prayoga,dora lan sembada
    4.mampir leren ing pulo majethi
    5.abdi sing ditinggal jenenge dora lan sembada
    6.prabu dewata cengkar
    7.senenge prabu dewata yaiku dhahar daginge wong
    8.diangkat anak dening nyai randha
    9.sebab ora ana maneh wong sing biso didhahar
    10.ajisaka ngajukake awake sanggup didhahar sang prabu
    11.nyuwun lemah sing jembar sakiket(sorban)sing ngukur lemah mau kudu sang prabu dewe
    12.nalika tekan pinggire segara sang prabu kecemplung lan dadi buaya putih.
    13.prabu jaka utawa prabu widayaka
    14.sebab wedi nglanggar perintahe gustine yoiku ora pareng lungo lungo Soko pulo majethi yen ora ditimbali
    15 duduga lan prayoga
    16.ganggitaksara jawa
    17. tegese utusan
    18.podho regejegan utawa tukaran
    19.podho digdayane
    20. Kita dadi menungso ojo nganti sewenang wenang pan sekarepe ati due sifat jahat marang wong liyo sebab mesti nrimo balasane

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )