TEMBANG MACAPAT KELAS 9

                  Bule wae padha seneng lan bangga marang kesenian tradisional Jawa, mosok wong Jawa                        malah ora ?



21 Agustus 2021   PENILAIAN  5

KD 4.2  Menulis syair tembang macapat Dhandhanggula karya sendiri


TEMBANG  MACAPAT 


Sugeng enjang, sugeng pepanggihan para siswa.
Muga-muga kabeh diparingi sehat.
Ing kesempatan iki ayo disinau maneh materi tembang macapat!
Jukuten buku cathetan mapel Bahasa Jawa lan alat tulis, terus tulisen materi iki!

 

Tembang Macapat jumlahe kabeh  ana 11, yaiku :
 
           1.       Mijil
           2.       Maskumambang
           3.       Kinanthi
           4.       Sinom
           5.       Asmarandana
           6.       Gambuh
           7.       Dandanggula
           8.       Durma
           9.       Pangkur
         10.       Megatruh
         11.       Pocung 

Tembang macapat duwe pathokan/aturan werna 3 yaiku:

 
                1.  Guru gatra
 
       Yaiku cacahe/jumlahe gatra/ larik saben sabait tembang, yen digambar kaya ngene :
 
-------------------------------------------   
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
-------------------------------------------
 
bait tembang sing digambar ing dhuwur cacahe ana 6 larik/ baris
 
  
 
                2.  Guru wilangan
 
Yaiku jumlahe suku kata saben 1 gatra/larik tembang, contone kaya ngene :
 
se- kar     pang – kur     kang     wi- nar- na    
 
1     2         3        4         5           6    7     8
 
( larik ing dhuwur duwe  8 suku kata  )
sateruse kaya ngono saben larik ing tembang mau dietung suku katane

 

                3.   Guru lagu

 

Yaiku  tibane swara vokal ( a, i u, e, o )  ing pungkasan/akhir larik, tuladhane iki  : 

bapak pocung dudu watu dudu gunung    ( u )

sabamu ing Plembang  ( a )

ngon-ingone sang bupati   ( i )


Kanthi penjelasan ing dhuwur para siswa saiki kelingan maneh  jeneng-jenenge tembang macapat  lan apa bae pathokane. 

Tembang ing kitab-kitab kuna anggitane para leluhur iku apik-apik banget isine. Nyritakake bab pitutur becik sing ora bakal kadaluwarsa kepangan jaman. Mula yen wong Jawa gelem padha nyinau apa isine, mesthine bakal dadi wong becik budi pekertine.

  

TUGAS  SISWA

 

1.  Waca lan tulisen sapada ( sebait ) tembang macapat Dhandhanggula  ing ngisor iki ing bukumu!

 

Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing khukum,
kang ngibadah sarta wirangi,
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana
 
        Terjemahane ing Bahasa Indonesia kaya ngene :
 
Tetapi jika kau akan berguru
pilihlah manusia yang nyata
yang baik martabatnya,
serta  tahu pada hukum ( aturan ),
rajin ibadahnya dan sederhana,
syukur jika bertemu dgn pertapa ( orang yang gemar prihatin )
yang sudah menjauhi keduniawian
tanpa berharap imbalan dari orang lain
kepadanyalah kau pantas berguru
serta ketahuilah

            Minggu iki kita arep sinau ngarang tembang macapat.  Aja kuatir angel. Apa bae katon angel yen durung dicoba. 

CARANE  NGARANG  TEMBANG MACAPAT (GAWEANMU DHEWE) 

1.      Golek tembang  Dhandhanggula sing wis dadi kanggo conto
2.      Conto tembang Dhandhanggula sing wis dadi mau terus diudhari ( diuraikan )  guru gatra,    guru  wilangan lan guru lagune
3.      Milih tema
4.      Milih tembung-tembung ( kata ) sing cocok karo temane
5.      Tembung-tembung mau ditata dadi gatra/ larik-larik aja lali kudu trep ( sesuai ) karo pathokane tembang yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagune

  

Saiki dideleng  proses/ praktek ngarang tembang ing ngisor iki !
Iki tembang sing didadekake conto:
Saben larik diwenehi nomer gatra, guru wilangan lan guru lagu supaya gampang dieling-eling:

 

I.                    Nanging yen sira nggeguru kaki,   (10/ i)

II.                 amiliha manungsa kang nyata,  (10/ a)

III.              ingkang becik martabate,  (8/ e)

IV.              sarta kang wruh ing khukum, (7/ u)

V.                 kang ngibadah lan kang wirangi, (9/ i)

VI.              sokur oleh wong tapa, (7/ a)

VII.           ingkang wus amungkul, (6/ u)

VIII.        tan mikir pawewehing liyan, (8/ a)

IX.              iku pantes sira guronana kaki, (12/ i)

X.                 sartane kawruhana (7/ a)

 

Minangka conto kita milih tema  : pendidikan

 

1. Kita nggoleki tembung-tembung sing cocok karo tema mau,

2. Ditata dadi larik-larik kanthi nggatekake guru wilangan ( jumlah suku kata ) lan guru lagu ( tibane a, i, u, e, o ) ing akhir larik. Kudu padha karo pathokan tembang Dhandhanggula kaya ing contone.

Dadine  kaya iki :

 

I.                   Ayo kanca-kanca padha eling,   (10/ i)

II.                 Kita kabeh uwis kelas sanga,  (10/ a)

III.              Kudu rajin sinaune,  (8/ e)

IV.              Sing akeh maca buku, (7/ u)

V.                 Kanggo nambah ilmune iki, (9/ i)

VI.              Nggo sangu masa depan, (7/ a)

VII.           Penting ilmu iku, (6/ u)

VIII.        Supaya bisa berguna, (8/ a)

IX.              Kanggo bangsa, negara, sarta agami, (12/ i)

X.                 Uga bekti wong tuwa (7/ a)

 

TUGAS   SISWA

 Tugase para siswa yaiku ngarang tembang macapat Dhandhanggula kaya conto ing dhuwur, tapi kanthi tema :

 BDR  ( Belajar Dari Rumah ) 1 pada/bait wae. Ditulis dhisik  neng bukumu catetan mapel Bahasa Jawa.

 Yen wis dadi, tembang gaweanmu mau diketik maneh ing Google Form utawa bisa uga nganggo Canva lan dikirim kaya  tugas minggu wingi nunggu link sing diparingi Bu Guru.

 

GARAPEN SING JUJUR, AJA SENENG NURUN KARYANE WONG LIYA!

SAPA SING NGARANG TEMBANG DHEWE KANTHI CARA SESUAI  ATURANE, NILAINE 90-100



28 Agustus  2021   PENILAIAN  6

Assalamualaikum wr wb.

Sugeng enjang para siswa. Ayo tansah muji syukur marang Gusti Allah sing wis maringi kesehatan lan kamurahan marang kita kabeh. Dina iki isih ana hubungane karo materi Dhandhanggula, mengko bocah-bocah ulangan nggih. Wacanen tembang iki maneh. Iki wis dishare Ibu ing minggu wingi, kudune wis disalin ing buku cathetanmu!


Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing khukum,
kang ngibadah sarta wirangi,
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana
 
        Terjemahane ing Bahasa Indonesia kaya ngene :
 
Tetapi jika kau akan berguru
pilihlah manusia yang nyata
yang baik martabatnya,
serta  tahu pada hukum ( aturan ),
rajin ibadahnya dan sederhana,
syukur jika bertemu dgn pertapa ( orang yang gemar prihatin )
yang sudah menjauhi keduniawian
tanpa berharap imbalan dari orang lain
kepadanyalah kau pantas berguru
serta ketahuilah itu


Kanthi sumber tembang ing dhuwur lan materi minggu wingi,  dina iki kita ulangan. Saiki jukuten bukumu. Tulisen soal-soal latihane. Terus garap dhisik ing bukumu, aja lali diwaca maneh materi minggu wingi ing dhuwur!

  1. Tembang macapat duwe pathokan cacah telu , jumlahe suku kata saben salarik tembang diarani pathokan : .......
  2. Jumlahe baris/ larik saben sebait tembang diarani : ...... 
  3. Tibane swara vokal ( a, i, u, e, o ) ing pungkasan/ akhir larik diarani pathokan : .......
  4. Ana kidung rumeksa ing wengi ( .?.. ) /  gatra iku guru wilangane ana pira ?
  5. Para pahlawan jaman rumiyin/ padha berjuwang mungsuh penjajah/ mbela nusa lan bangsane/   Cuplikan tembang iku  temane  apa ?
  6. Gawenen gatra/larik sing wilangane ( 12 i )  lan cocok kanggo tema karesikan/kebersihan!
  7. Langkah-langkahe/ carane  ngarang tembang macapat sing becik yaiku.......
  8. Tembang macapat jumlahe ana 11, apa bae?
  9. Wacanen cuplikan tembang ing ngisor iki!

10. Wacanen tembang ing ngisor iki! Golekana pitutur/ amanat sing ana ing jerone tembang ngisor iki!

nanging yen sira nggeguru kaki ,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing khukum,
kang ngibadah sarta wirangi,
sokur oleh wong tapa
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana



Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )