TEMBANG MACAPAT KELAS 7

 

TEMBANG  MACAPAT

Sugeng enjang, sugeng pepanggihan, para siswa.....

Para siswa, nalika isih SD biyen wis tau sinau tembang macapat  ta? 

Tembang Macapat cacahe ana 11, yaiku :

           1.       Mijil

           2.       Maskumambang

           3.       Kinanthi

           4.       Sinom

           5.       Asmarandana

           6.       Gambuh

           7.       Dandanggula

           8.       Durma

           9.       Pangkur

       10.       Megatruh

       11.       Pocung

  

Tembang macapat duwe pathokan/aturan werna 3 yaiku:

                1.            Guru gatra

                   Yaiku cacahe/jumlahe gatra/ larik saben sabait tembang, yen digambar kaya ngene :

 

-------------------------------------------    

-------------------------------------------       

-------------------------------------------

-------------------------------------------

-------------------------------------------

-------------------------------------------

( bait ing dhuwur dumadi saka 6 larik )

 

                2.            Guru wilangan

Yaiku jumlahe suku kata saben gatra/larik tembang, jelase kaya ngene :

 

se- kar     pang – kur     kang     wi- nar- na      ( ana  8 suku kata  )

1     2         3        4         5           6    7     8

lan sateruse kabeh larik dietung suku katane

 

                3.            Guru lagu

Yaiku  tibane swara vokal ( a, i u, e, o )  ing pungkasan/akhir larik, tuladhane iki  :

 

bapak pocung dudu watu dudu gunung    ( u )

sabamu ing Plembang  ( a )

ngon-ingone sang bupati   ( i )


Kanthi penjelasan ing dhuwur para siswa saiki ngerti jeneng-jenenge tembang lan apa bae pathokane tembang.

Tembang ing kitab-kitab kuna anggitane para leluhur iku apik-apik banget isine. Nyritakake bab pitutur becik sing ora bakal kadaluwarsa kepangan jaman. Mula yen wong Jawa gelem padha nyinau apa isine, mesthine bakal dadi wong becik budi pekertine.

  

Tugase bocah-bocah ing dina iki :

                1.  Waca lan tulisen sapada ( sebait ) tembang macapat Pangkur ing ngisor iki! 

Aja nedya katempelan,

ing wewatek kang tan pantes ing budi,

watek rusuh nora urus,

tunggal lawan manungsa,

dipunsami karya labuhan kang patut,

darapon dadi tuladha,

tinuta ing wuri-wuri

Terjemahane ing Bahasa Indonesia kaya ngene :

Jangan sampai memiliki,

sifat yang tidak pantas menurut akal budi,

berwatak rusuh dan semaunya sendiri,

maka ketika dirimu bergaul dengan sesama,

selalu tunjukkan perbuatan yang baik,

sehingga bisa menjadi teladan,

dan ditiru di kemudian hari

 

2. Sawise diwaca lan ditulis ing buku, gantinen bait sing nganggo bahasa Indonesia mau nganggo ukaramu ( kalimatmu ) dhewe basa ngoko bae. Ditulis awujud  paragraf. Tulisen maneh ing buku cathetanmu!

 

3. Yen wis rampung, garapanmu mau disalin ( diketik ) ing Google Form sing wis   disiapake Bu Guru. Aja lali  identitasmu diisi luwih dhisik!          

 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )