CERITA TENTANG PENGALAMAN PRIBADI
KD 3.4 MEMAHAMI CRITA PENGALAMAN PRIBADI
Lomba
17 Agustus
Esuk kuwi srengenge
nuduhake
cahya kang
padang tanpa ana sing ngaling-ngalingi. Manuk-manuk padha muni kaya ngaturake salam marang
mahluke Gusti kang esuk kuwi wis semlikut
tumandang nyambut gawe.
Sawah katon
teles,
mratandani banyu
mbun durung ilang
saka damen. Hawane seger, krasa banget tekan paru-paru nalika aku nyerot
ambegan.
Swasana esuk kuwi jan
penak
banget.
Kira-kira limalas menit aku ngadeg nggejejer ing ngarep jendela kanggo ngrasakake segere esuk. Ujug-ujug saka jero omah
ibuku mbengok-mbengok,
"Isaaah...cepetan mudhun, adus terus sarapan lan mangkat sekolah. Iki wis awan!"
"Nggih sekedhap, Bu. Tasih enjang kok "
"Esuk piye? Delok jame!”
"Inggih Bu, kula mandhap badhe adus"
"Iya wis cepet, iki Ibu gawe sega goreng!"
Bar adus aku tata-tata nganggo seragam sekolah, jungkatan, wedakan lan nyemprot parfum. Ibuku wis ngenteni ing meja dhahar,
“Iki lho sega gorenge, wis dak cepakake wiwit mau.”
“Inggih Bu, kula telasake."
“Nah bener kuwi, yen mangkat sekolah apike sarapan dhisik, ben bisa konsentrasi sinau ing sekolah.”
Karo sarapan aku matur marang ibu manawa mengko sore arep melu lomba-lomba mangayubagya 17 Agustus.
Wayah sore
bocah-bocah wis padha kumpul ing lapangan
voli. Rame banget
swarane.
Panitia lomba nyetel dvd dangdut kang
nambahi swasana tambah rame. Bendera
abang putih saka plastik
digantung
ngubengi lapangan. Ana
uga
bendera umbul-umbul. Spanduk saka sponsor wis
dipasang
panitia kang
unine “Bangsa yang besar adalah bangsa yang
menghagai jasa pahlawan dengan
kerja kerja
dan kerja
untuk mengisi kemerdekaan.
Dirgahayu
Republik Indonesia.”
Lomba sing dianakake sore iki ana papat, yaiku balap karung, menthung
banyu, mangan
krupuk, jupuk dhuwit ing semangka. Aku melu kabeh lomba ing sore iki. Nalika balap karung aku ora tekan garis finis amarga tiba kesrimpet. Untunge awakku ora papa. Yudo, Bisri,
lan
Duta sing menang lomba balap karung lanang. Dene Tati, Yanti,
lan
Rini sing menang lomba balap karung wadon.
Lomba menthung
banyu luwih rame tinimbang
balap karung. Sebabe ana peserta sing menthunge kleru, dudu banyu sing
digantung nanging menthunge penonton. Ana uga kang
mlakune kesasar. Wong-wong padha ngguyu kemekelen. Aku seneng sanajan
ora
menang ing lomba iki.
Aku paling cepet entek
ing lomba mangan krupuk. Aku juwara 1, nganti jingkrak-jingkrak saking senenge. Kanggo ngrayakake menang lomba iki, aku foto-foto selfi.
Juwara lorone Harun.
Lha sing juwara telu jenenge
Wiwin.
Lomba pungkasan ing sore iki yaiku jupuk
dhuwit ing semangka. Semangka siji dirubung
telung peserta. Semangkane wis diwenehi coklat.
Dhuwit receh ditlesep-tlesepake separo ing
semangka. Peserta rayahan dhuwit mau. Lambe, irung, pipi, bathuk glopot coklat. Ing final aku entuk dhuwit rong ewu limang atus.
Karmini entuk telung ewu. Dene Daryani entuk sewu limang atus.
Dadi aku juwara
loro.
Mangkono pengalamanku melu lomba 17 Agustus. Kadang kala aku mesem
lan
ngguyu dhewe nalika
mbuka foto lomba. Ana
19 foto selfi. Pengalaman iku nganti saprene
isih kelingan
terus. Pengalamanku arep
dakcritake marang kanca-kanca
ing
kelas.
Yen wis diwaca, tulisen sing
penting-penting saka crita mau kaya ta:
1.
Sapa bae paraga/tokohe
2.
Kepiye watake tokoh
3.
Kedadeane ing endi.
4.
Kapan kedadeane
5.
Apa wae urutane kedadean
Catetan ing dhuwur mau penting
supaya para siswa bisa njawab pitakonane mengko.
Yen wis rampung ditulis, saiki
ayo dibukak google form kanggo nggarap soale.
Sukses !!!
Kanggo nggarap latihan soal, klik link ing ngisor iki !
https://forms.gle/LrgfHf5362DYQN3HA
Komentar
Posting Komentar