SANDIWARA TRADISIONAL DAMARWULAN
PEMBELAJARAN 8
3.3 Menelaah naskah sandiwara
3.3.1 Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan tentang isi sandiwara
3.3.2 Menceritakan isi sandiwara
Sugeng enjang para siswa.
Sugeng pepanggihan ing mapel Bahasa Jawa.
Ing dina iki kita sinau ngenani sandiwara tradisional basa Jawa. Sabenere kudune para siswa nonton tayangan sandiwara ing media elektronik, bisa uga ing You Tube, nanging kanggo ngirit samubarange, mula iki mengko cukup maca cuplikan naskah sandiwara wae, supaya ora kedawan. Mengko yen wis sinau kanthi normal lagi nonton video sandiwara. Wacanen teks ing ngisor iki!
DAMARWULAN
Prolog:
Damarwulan urip bareng ibu lan eyang (simbahe) yaiku Begawan Tunggul Manik ing padesan sing adoh saka kuthapraja Majapahit. Sawijining dina Damarwulan ditimbali eyange lan didhawuhi lunga menyang kutha Majapahit nggoleki pamane sing dadi patih ing keraton Majapahit, asmane Patih Logender.
Sawise ketemu, Damarwulan manggon bareng karo pamane ing Kepatihan bareng karo sedulure lanang loro sing jenenge Layang Seta lan Layang Kumitir sarta sedulur wadone siji, ayu, sing arane Anjasmara.
Suwe-suwe antarane Damarwulan lan Anjasmara tuwuh rasa tresna, malah wusanane wong loro mau didhaupake (dinikahke). Wektu kuwi kahanane keraton Majapahit lagi prihatin amarga ora aman. Salah sijine adipati ( =bupati ) sing asmane Minakjingga gawe rusuh kanthi mbrontak marang Ratune Majapahit sing asmane Ratu Kencanawungu.
Ratu Kencanawungu oleh wangsit (petunjuk) saka dewa yen sing bisa ngalahake Minakjingga yaiku Damarwulan . Sadurunge mangkat perang, Damarwulan pamitan marang Anjasmara garwane.
……………………
Adegan 5
( Damarwulan lan Anjasmara ing taman Kepatihan, Anjasmara katon susah atine )
Damarwulan : “Wis ya Yayi, Kakang kudu enggal nindakake kuwajiban . “
Anjasmara : “ Kenangapa Kanjeng Ratu utusan marang Kakang ? Ora liyane bae ? Tugas iki abot banget, akeh satriya kang tiwas mungsuh Adipati Minakjingga. Atiku was sumelang, Kakang. “
Damarwulan : “ Kabeh gegayuhan iku mesthi ana alangane, nanging paribasan rawe-rawe rantas malang-malang putung, apa sing ngalang-alangi kudu disingkirake. Wektu iki Kakang kudu nindakake tugas luhur mbelani negara, mula dongamu wae ya Yayi, supaya diparingi slamet. “
Anjasmara : “ Iya Kakang, sing tansah ngati-ati. Aku tansah ngenteni tekamu.” ( Anjasmara ngaras tangane Damarwulan )
( Patih Logender, Layang Seta lan Layang Kumitir mlebu, banjur ngeterake Damarwulan sing arep mangkat menyang Blambangan. Damarwulan metu ditutake Anjasmara )
Layang Seta : “ Seneng atiku, dene Damarwulan sing diprentah menyang Blambangan perang mungsuh Minakjingga. Rasakna Damarwulan! “
Layang Kumitir : “ Bener Kakang, Damarwulan mesthi nemahi tiwas dipateni Minakjingga. “
Patih Logender : “ Layang Seta, lan kowe Layang Kumitir, Kanjeng Ratu utusan marang Damarwulan amarga manut wangsit kang ditampa ya mung Damarwulan sing bisa mateni Minakjingga !”
Layang Kumitir : ( Kaget ) “ Menapa leres Rama ?”
Layang Seta : (Ngomong lirih marang sedulure)
“ Wah, yen ngono ditutake wae Dhi, mengko yen Damarwulan bener-bener kasil mateni Minakjingga, direbut wae mustakane, supaya awake dhewe sing oleh bebana saka Kanjeng Ratu. “
( Patih Logender, Layang Seta, lan Layang Kumitir metu )
Daftar tembung angel:
1. Was sumelang : was-was, kuwatir
2. Gegayuhan : pepinginan, cita-cita
3. Nemahi tiwas : mati
4. Wangsit : pituduh/petunjuk
5. Mustaka : sirah
6. Bebana : hadiah
Sadurunge bocah-bocah nggarap soale, becike ditulis dhisik ing buku cathetanmu:
1. Sapa bae arane paragane.
2. Kepiye watak-watake paraga mau.
3. Ing endi settinge.
4. Istilah/paribasan (peribahasa) sing angel lan tegese
5. Urutane adegan.
6. Isine adegan sandiwara mau kanthi ringkes
· Yen wis ditulis data ing dhuwur, ganti dibukak soal/pitakonan ing google form,
· Tulisen soal mau ing buku.
· Rampung nulis soal, teruske dijawab secara tertulis, adhedhasar cathetanmu utawa bisa karo mbukak materi ing blog.
· Yen wis rampung njawab secara tertulis, lagi njawab ing google form. Mesthi akeh benere. Ayo dicoba.
Komentar
Posting Komentar