MENGALIHAKSARAKAN SYAIR TEMBANG MACAPAT


 4.5.   Mengalihaksarakankan syair tembang macapat dhandhanggula karangan sendiri dari huruf Latin  ke  huruf Jawa

4.5.1 Mengubah tulisan dari huruf Latin ke huruf Jawa dengan tekun dan bertanggung jawab.



Sugeng enjang para siswa...

Sugeng pepanggihan malih ing pelajaran Bahasa Jawa.

Materi iki mujudake materi pungkasan ing semester iki, tapi para siswa kudu tansah semangat aja wedi kangelan lan aja sungkanan. Ing pertemuan sing biyen para siswa wis tau diutus nulis tembang macapat.  Sabenere kelanjutan saka tugas kuwi yaiku tembang karyamu mau terus diowahi saka tulisan latin diganti dadi aksara jawa. Nanging supaya gampang lan ora repot, kanggo pelajaran dina iki para siswa nulis aksara Jawa bait tembang sing ditentokake Bu Astu wae, yaiku tembang saka Serat Wulangreh sing wis tau disinaoni. Iki tembang sing dadi tugase:

Nanging yen sira geguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing hukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sukur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir paweweh liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana



Manawa para siswa padha lali aksara Jawa, bisa maca aksara ing ngisor iki lan bisa sinau sethithik materi sing disinau adhi-adhimu kelas VII sing minangka dhasar ing videone Ibu. 


Muga-muga bisa nambah kawruhmu lan uga rasa tresnamu marang aksara Jawa warisane para leluhur kita. Sapa sing arep ngopeni yen ora kita kabeh?  Sebab ora kabeh bangsa duwe aksara, tapi wong Jawa pancen hebat kawit biyen mula.







                                    


TUGAS  SISWA

Carane nggarap tugas Basa Jawa dina iki :

  1. Tulis tembang tugasmu mau ing buku tulis khusus mapel bahasa Jawa.
  2. Yen durung apal/ lali aksara Jawa lan kanca-kancane, sisan disalin ing bukumu.
  3. Tontonen video cara nganggo pasangan, Iki mujudake dasar tapi sering akeh sing durung paham.
  4. Mulai mengubah tembang saka huruf latin dadi huruf jawa.
  5. Ditiru carane Bu Astu nulis, saben  siji huruf jawa, ing ngisore ditulis huruf latine, Tujuane kanggo ngecek tulisanmu, apa wis bener? Apa wis lengkap?
  6. Garapanmu ditulis ing buku, yen wis  dadi terus disalin ing folio lan dikumpulake ing ruang guru ing mejane Bu Astu supaya ora ketriwal.

Aku wong Jawa kudu tresna budaya Jawa!




Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )