MENULIS AKSARA JAWA





4.5 Menulis kalimat berhuruf Jawa dengan menerapkan pasangan

 

PERTEMUAN  1

Sugeng enjang para siswa…

Sugeng pepanggihan malih ing pembelajaran Bahasa Jawa Edisi BDR ing wulan Oktober iki.

 

Ayo kita kabeh tansah muji syukur marang Allah SWT ingkang paring kanugrahan marang kita saengga kita bagas waras bisa sinau bebarengan ing dina iki. Aja bosen-bosen nambah kawruh lan ilmu sebab kuwi mengko sing bisa dadi sangune kita kabeh kanggo ngadhepi masa depan.

 

Durung suwe bocah-bocah maca crita rakyat Ajisaka sing paragane nyipta aksara Jawa. Ing dina iki para siswa sinau bareng nulis aksara Jawa sing paling sederhana. Ibu nganggep para siswa kabeh isih nol nggih…dadi sinaune saka awal banget. Mula sing jaman SD durung bisa, saiki enggal nututi kancane ben bareng-bareng bisa kabeh.

 

Aksara Jawa cacahe ana 20.

HA NA CA RA KA

DA TA SA WA LA

PA DHA JA YA NYA

MA GA BA THA NGA

 

Delengen ing ngisor iki wujude aksara Jawa cacah 20 :

 


Ing dhuwur iku wujude aksara Jawa sing isih asli utawa diarani aksara nglegena.

Sanajan isih asli, aksara mau wis bisa dienggo nulis tembung sing sederhana, contone:

Kuwi mau tuladha tembung-tembung sederhana sing bisa ditulis nganggo aksara nglegena.

Saliyane kuwi uga ana lambang-lambang sing gunane kanggo nulis tembung utawa kata sing swarane saliyane  a   yaiku swara  i, u, e, o.  Delengen wujud lambange kaya ing ngisor iki :


        

                    

Kaya ing dhuwur iku lambange sandhangan aksara jawa. Cara nganggo ing panulise delengen tuladha ing ngisor iki:

Saiki apa tugase bocah-bocah apa?

 

TUGAS SISWA

1.     Tulisen tembung-tembung basa Jawa sing bisa ditulis nganggo aksara nglegena ( kabeh munine  a  , delengen maneh tuladha ing dhuwur) jumlahe 10 wae.

2.     Tulisen tembung-tembung basa Jawa sing munine campuran, maksude ora   a  kabeh, nanging uga  i, e, u, o. Jumlahe uga 10.

Ditulis sing jelas lan rapi ing kertas folio, mengko dina Senin dikumpulake ing sekolahan, ing mejane Bu Astu, ing Ruang Guru.

Sugeng makarya…




PERTEMUAN   2

Sugeng pepanggihan para siswa

Ayo muji syukur marang Gusti Allah kang wis paring kanikmatan marang kita kabeh. Muga-muga kita tansah diayomi, diparingi kesehatan lan kelancaran kanggo sinau bab aksara Jawa.

Minggu wingi kita wis sinau nggunakake sandhangan swara. Ing dina iki kita sinau sandhangan pangkon, sandhangan layar, cecak, lan wignyan.

Sandhangan-sandhangan mau dienggo nalika kita nulis tembung (kata) sing ana huruf matine. Bocah-bocah kudu eling yen aksara jawa iku aksara urip, sebab mesti dibarengi huruf vokal a, i, u, e, o. Kaya tuladha iki:


Tapi akeh tembung-tembung (kata-kata)  liyane  sing nggunakake huruf mati, tuladhane: 

manutapiksawalwaras

kenapa diarani huruf mati?  Sebab ing huruf sing digaris ngisore iku ora dibarengi swara a, i, u, e, o.  Huruf mati sing panggonane ing bagian mburi, yen ditulis aksara Jawa carane yaiku nganggo tanda  pangkon        

          

Tuladhane yen ditulis aksara jawa bentuke ngene iki:


Ana telu  (3) huruf Jawa sing ora oleh diwenehi  tanda  pangkon amarga huruf-huruf  mau  wis  duwe  bentuk mati  khusus.  Yaiku  r,  h,  lan  ng

Wujude  kaya  iki:

Carane nganggo nulis  kaya  iki  :


TUGAS  SISWA

Saiki bocah-bocah latihan  nulis tembung sing nganggo pangkon  lan  sandhangan  layar, wignyan lan cecek! 

Sadurunge nggarap tugas, tulisen dhisik materi ing dhuwur ing buku cathetanmu mapel Bahasa Jawa! Dieling-eling, cathetanmu dilengkapi kabeh, sebab mengko ing akhir pertemuan sadurunge PAS bukumu dikumpulake lan dibiji Bu Guru.  

  1. Ing ngisor iki ana tembung jumlahe 20. Tembung-tembung mau dikelompokake, sing mengko ditulis nganggo pangkon ing kelompok A, dene sing ditulis nganggo layar/ wignyan/ cecek ing kelompok B. Carane milih dideleng wae huruf akhire.          

seger               lawas

walik              buyut

terus              gayung                          

lemah               bayar

abang               garis

larut                  cangkir

teguh                 malik

kuwat                weruh

puyuh                sebut

jenang                babal

 

2.     Tulisen nganggo aksara jawa sing trep ( sesuai) manut aturane. Kaya sing wis diterangke ing dhuwur ( endi sing nganggo pangkon, endi sing layar/ wignyan/ cecek )

3.     Ditulis ing kertas folio, dikumpulake ing sekolahan dina Sabtu  tanggal  17 Oktober 2020  paling  awan  jam 12.00  ing ruang   guru, mejane  Bu Astu.

4.     Siswa sing minggu wingi garapane durung dikumpulake sisan saiki dikumpulake amarga wis telat banget supaya bijine ora kosong!

 


PERTEMUAN  3


Sugeng enjang para siswa

Sugeng pepanggihan malih ing pembelajaran Bahasa Jawa dina iki.

Ayo ngucapake puji syukur marang Gusti Allah sing wis paring kanugrahan marang kita kabeh saengga ing dina iki kita diparingi kesehatan lan kesempatan kanggo sinau bebarengan. 

Para siswa, wis 2 minggu berturut-turut kita sinau nulis jawa. Sing aksara nglegena lan uga sing nganggo sandhangan. Akeh bocah sing wis pinter nanging uga ana sing durung paham. Saliyane kuwi uga akeh bocah sing durung ngumpulake. Ibu ngelingake supaya sing durung ngumpulake enggal-enggal nyusul supaya nilaine ora kosong.

Dina iki pembelajaran diterusake maneh, materine ngenani pasangan aksara jawa. Pasangan aksara jawa bentuke kaya iki : 


Cara nganggo pasangan sabenere  padha karo pangkon.  Bedane yaiku 

  1. Pangkon dienggo nulis tembung/kata sing ana huruf matine ing mburi/akhir 

contone tembung :  garis,   luput,   tugel 

     2. Pasangan dienggo nulis tembung/kata sing ana huruf matine neng tengah-tengah.

contone tembung : lampu ,  klapa ,  lancar 

      3. Dadi nalika nulis tembung utawa kata-kata sing ana huruf mati ing tengah, mula 

huruf sing ana ing mburine difungsikan dadi pangkon kanthi cara diubah 

bentuke dadi  bentuk pasangane. 


           Supaya jelas, tontonen video iki ! 



             https://www.youtube.com/watch?v=wzWw-_S7E7E                   

TUGAS  SISWA

  1. Materi sing diparingke ibu guru dina iki ditulis ing bukumu ben ora lali. 
  2. Tulisen tembung-tembung lan ukara ing ngisor iki manut cara sing diajarke bu guru, aja lali saben 1 aksara jawa ing bagian ngisore wenehana tulisan latine kanggo ngecek, apa tulisanmu wis bener? Apa wis lengkap? 

  • timba
  • bantah
  • kandel
  • ganti
  • siswa
  • gampang
  • tanduk
  • palsu
  • tembus
  • pandhu

      3. Digarap ing buku tulismu, terus disalin ing kertas folio salembar lan dikumpulake ing sekolahan,            ing  ruang guru, mejane Bu Astu ben ora ketriwal.

    





       



 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )