MENULIS PENGALAMAN PRIBADI

4.4 Menulis pengalaman pribadi

Sugeng enjang para siswa...
Sugeng pepanggihan.
Ayo kita muji syukur marang Gusti Allah sing wis maringi pangayoman marang kita kabeh. Muga-muga apa sing kita sinaoni ing dina iki bisa aweh manfaat kanggo kita, khususe kanggo para siswa.

Minggu wingi sadurunge PTS, bocah-bocah wis sinau ngenani carita pengalaman pribadi. Saiki isih nerusake pasinaon minggu wingi.

Dina iki Ibu arep maringi tugas kanggo penilaian ketrampilan yaiku Nulis Pengalaman Pribadi


 Pengalaman pribadi yaiku pengalaman sing wis tau dilakoni awake dhewe. Mesthi para siswa duwe pengalaman akeh banget. Pengalaman iki werna-werna, kaya ta:

  1. Pengalaman ing sekolahan
  2. Pengalaman dolan karo kanca
  3. Pengalaman sing hubungane karo hobi utawa kasenengan
  4. Pengalaman melu sawijining kegiatan
  5. Pengalaman wisata 

 Salah sijine kaya ing gambar dhuwur iku.

    Nulis utawa ngarang mujudake kegiatan ngandharake sawijining pikiran, gagasan, pengalaman kanthi nggunakake lambang/ huruf. Supaya tulisanmu bisa runtut, luwih becik digawe sawijining cengkorongan/ kerangka luwih dhisik. Saengga ide-idemu mengko ora ana sing kliwatan utawa tumpang tindhih. Tuladhane, saupama bocah-bocah arep nulis pengalaman plesir maring Pantai Widuri. Bisa luwih dhisik nggawe cengkorongan kaya iki :

Plesir Maring Pantai Widuri

1. Rencana plesiran maring Widuri

  • Sapa sing duwe rencana
  • Sapa bae sing arep melu plesiran.
  • Kapan wektune plesiran
  • Matengake rencana plesiran

2. Mangkat maring Pantai Widuri

  • Persiapan arep mangkat maring Widuri
  • Apa bae sing digawa
  • Pamitan karo wong tuwa lan pituture bapak ibu
  • Swasana ing perjalanan     

3. Tekan ing papan wisata

  • Tuku tiket masuk
  • Golek panggonan sing nyaman
  • Nggelar klasa lan nata barang
  • Dolanan ing pantai
  • Padha maem sangu saka omah

4. Bali saka wisata

  • Sawise tekan omah
  • Perasaane sawise plesiran
  • Crita pengalamane marang bapak ibu
  • Angen-angen kepengin plesiran maneh

Ing dhuwur mau conto gawe cengkorongan kanggo nggampangake olehe nulis karangan. Kepenak to yen digawe ngono dhisik?

Saiki apa tugase para siswa?

TUGAS SISWA

  1. Tulisen sawijining karangan ngenani pengalaman pribadimu. Pengalaman apa bae (tema bebas) sing pernah dilakoni.
  2. Karanganmu ditulis ing kertas folio garis, saora-orane sehalaman folio.
  3. Luwih dhisik ditulis kerangka/cengkorongane.
  4. Tugas digarap saiki, nanging dikumpulake dina Senin tgl 5 Oktober 2020 sadurunge jam 12.00
  5. Nalika menyang sekolahan, nganggoa klambi sing rapi lan sopan, sepatunan, lan aja lali kudu nganggo masker!
Sugeng makarya!

2. 


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )