MENULIS TEKS DESKRIPTIF TENTANG UPACARA ADAT
KD 4.4 Menulis Teks Deskriptif tentang Upacara Adat
Pahargyan Tedhak Siti
Akeh peristiwa
sing dianggep penting ing uripe manungsa. Kanggo memperingati prastawa mau biasane wong
Jawa banjur nganakake pahargyan/ pengetan
minangka tandha puji sukur marang Gusti
Kang Akarya Jagad. Salah sijine yaiku pahargyan tedhak siten. Pahargyan
tedhak siten dianakake wong tuwa kanggo putrane nalika putra ngancik umur pitung wulan utawa pitung lapan (selapan: 35 dina) . Lumrahe nalika bocah umur pitung lapan
dheweke wiwit ajar mlaku utawa ngambah
lemah. Mula pahargyan/upacarane diarani “tedhak siti” utawa uga diarani “ngudhun-udhuni”. Tujuane
pahargyan iki yaiku ngenalake alam lingkungan marang bocah supaya bocah kenal
marang alam sakiwatengene klebu lemah sing diidak-idak saben dinane.
Pahargyan tedhak siten dimulai kanthi (1) nyirami bocah sing arep di upacarani nganggo kembang setaman ( mlathi / melur, kanthil, lan mawar ). Kembang – kembang mau duwe teges : mlathi / melur kanthi pengarep-arep supaya putra – putri mau bisa duwe tekad sing kuat, ora melar – melur. Kembang kanthil/ cepaka tujuane supaya putra – putri bisa kasinungan wewujudan ( jasmani ) lan kaprigelan sing marakake sapa bae gampang kumanthil ( raket/ mereki ). Dene kembang mawar kawentar mambu arum bisa gawe alusing kulit, dadi sapa bae sing nyawang bakal melas lan kasmaran. (2) Sawise disirami, putrane dianggoni busana anyar sing dipilih supaya nengsemake para rawuh sing mriksani.(3) Sabanjure bocah mau diambahake ing siti ( lemah ) sing diwenehi krikil utawa lambaran liyane. (4) Rampung kuwi putra dituntun midak jadah (gemblong) pitung warna sing ditata kanthi dilambari pupus pisang. Anggone midak jadah dimulai saka warna putih banjur warna liyane. Midak jadah warna – warni dilambari pupus pisang nggambarake maneka warna kedadean sing dilakoni ing uripe manungsa. Ana susah uga bungah. Ing pangarep-arep kabeh iku kudu bisa dipupus/ ditampa kanthi ati sing legawa. Jadah sing diidak – idak mau biasane didum marang para tamu sing rawuh, kanggo oleh – oleh kondur menyang dalem seperlu kanggo jontrot supaya putra – putrine gampang antuk jodho lan gampang antuk momongan.
(5)
Sawise putra midak jadah diterusake menek
andha tebu sing diwangun kayedene palenggahane raja. Menek andha tebu
kanthi tujuan supaya putra bisa nggayuh gegayuhan (cita-cita) luhur. Tembung tebu
yen dikerata basa asale saka tembung ‘’ antebing
kalbu ‘’. Dadi, gegayuhan sing luhur
mau bisa kasembadan yen dilakoni
kanthi manteping ati. Lenggah ing dhuwur kayadene raja maksude supaya bisa dadi
pemimpin sing becik tumrap pribadine dhewe uga ing bebrayan agung.
(6) Mudhun saka andha tebu putra dilebokake ing kurungan sing ing jerone wis dicawisi maneka warna ubarampene wong urip manut apa kersane wong tuwane, kaya ta : dhuwit, pari, potelot, kaca, tasbih, lsp. Saliyane ubarampe mau uga cumawis beras kuning lan arta receh saka sing ajine sithik nganti sing larang dilebokake jero bokor kencana. Dilebokake kurungan maknane supaya bocah dadi wong sing bisa ngurung utawa nyegah pepinginan kurang becik sing bisa ndadekake sangsara. Dene barang apa sing dipilih dening putra dipercaya nglambangake pakaryane bocah ing besuke, upama milih pari, ateges pakaryane ing bidang pertanian, milih dhuwit ateges pakaryane besuk ing bidang keuangan, lsp. (7) Sawise bocah milih barang, beras kuning lan arta receh disebar ing ngarepe para tamu ben diagem rayahan ( udhik – udhik ) minangka pratandha yen barang mau mujudake amal sedhekahe sing duwe keperluan.
Mengkono mau pahargyan tedhak siten sing nganti wektu iki isih di tindakake dening wong Jawa. Dene carane ora mesthi padha antarane panggonan siji lan panggonan liyane, cocok karo unen – unen ‘’ Desa mawa cara Negara mawa tata ‘’. Nyata yen pahargyan mau duwe teges sing luhur mula wis dadi kuwajiban kita kudu melu nguri – uri supaya lestari.
( Kapetik : Penyebar Semangat No.44/2002 dipunjangkepi sumber sanesipun )
TUGAS SISWA
1.
Jukuken buku
tulismu cathetan mapel Bahasa Jawa
2.
Tulisen kanthi ringkes teks Upacara Adat Tedhak Siti ing dhuwur ing bukumu.
Supaya gampang ngringkese, gatekna pokok-pokoke bacaan kaya iki:
- Arane upacara ing wacan mau
- Dianakake kanggo sapa umur pira
- Tujuane upacara
- Urutane upacara
- Ubarampe/perlengkapane upacara
- Makna sing dikandhut ing upacara mau, upama ana kembang melati, maknane...., kembang cepaka maknane..., kembang mawar maknane .... dst.
3. SOAL
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
a..
Upacara adat apa
sing diandharake ing wacan mau ?
b.. Apa tujuane
upacara adat mau dianakake?
c. Kepriye prosesi/urutan
lumakune upacara mau ?
1)
……
2)
……
3)
……
dst.
d.
Apa bae ubarampe/
perlengkapane upacara mau ?
1)
……
2)
……
3)
……
dst.
e. Upacara Jawa ing saben panggonan utawa kutha diperingati, mung carane ora mesti padha. Unen-unen/ paribasan sing cocok kanggo keadaan mau yaiku …………
f. Tulisen upacara adat sing isih ditindakake ing daerahmu, sethithike 5 bae!
4.
Tulisen
jawabanmu ing kertas folio, lan dikumpulake dina iki, Sabtu 17 Oktober telate jam 12.30 ing ruang guru, mejane Bu
Astu.
Ok bu
BalasHapusYa
BalasHapus