SANDIWARA TRADISIONAL (BAGIAN 2)
Kompetensi Dasar:
4.3 Menulis dan menyajikan naskah sandiwara.
Indikator:
4.3.1 Mengidentifikasi unsur-unsur
intrinsik dalam sandiwara.
4.3.2 Menuliskan
secara singkat isi teks.
4.3.3 Membuat teks dialog dengan mempertimbangkan santun berbahasa
Sugeng enjang para siswa kelas 9.
Sugeng pepanggihan.
Ayo ngaturake puji syukur marang Gusti Allah sing wis paring pangayoman marang kita kabeh. Muga-muga pasinaon dina iki diparingi lancar lan ana manfaate kanggo ngundhakake kawruh lan ilmu kita.
Ing kalodhangan iki kita terusake pasinaon minggu wingi sadurunge PTS yaiku ngenani sandiwara tradisional.
Akeh banget tayangan sandiwara sing
bisa ditonton ing jaman saiki. Bisa liwat pentasan langsung, TV, bioskop, utawa
lantaran HP (You Tube lan liya-liyane). Sandiwara yaiku sawijining karya sastra sing diparagakake dening aktor.
Tembung “Sandiwara”
(basa Jawa) asale saka tembung sandi lan wara. Sandi
tegese “samar” , wara tegese “pawarta
utawa ajaran/ pitutur” Dadi sandiwara
iku tegese ajaran utawa pitutur sing disamarake.
Mula nalika kita nonton sandiwara
sing jenise tradisional kaya kethoprak utawa sing modern kaya sinetron, golekana pituture sing ana
ing tontonan mau kanggo didadekake tuladha tumrap kita kabeh.
Ayo para siswa disiapake buku lan alat tulismu. Tulise materi ngenani sandiwara ing ngisor iki!
Sandiwara kaya dene jenis karya sastra liyane, uga duwe unsur-unsur intrinsik.
Unsur- unsur intrinsik sing ana ing sandiwara yaiku :
1. Tema
Tema yaiku gagasan pokok, ide, utawa pikiran utama minangka landhesan kanggo nulis carita.
2. Paraga
Paraga yaiku kabeh pawongan kang ana ing sawijining carita. Ana sing dadi paraga utama lan ana sing dadi paraga tambahan gumantung marang gedhe cilike peranan ing carita mau.
3. Watake paraga
Saben paraga duwe watak dhewe-dhewe. Paraga protagonis adate duwe watak kang becik, pinter, manut marang wong tua lan sipat-sipat becik liyane. Paraga antagonis umume duwewatak kang ala, culika, ora duwe tata krama, lan sapanunggalane. Ing sandiwara, watake paraga bisa dideleng saka polahe paraga nalika dialog, ekspresine, isine carita, lan tumindake paraga ing carita mau.
4. Alur
Alur yaiku urutane prastawa utawa kedadean kang ana ing carita sing nuduhake hubungan sebab akibat.
5. Latar
Latar yaiku katrangan ngenani papan, wektu, lan swasana dumadine carita. Latar sing ana ing sandiwara kang dipentasake umume sesambungan karo tata panggung (dekorasi panggung), tata cahaya, lan tata swara.
6. Amanat
Amanat yaiku pitutur becik ing sajerone carita sing bisa kapethik dadi tuladha kanggo penontone.
Naskah sandiwara/drama bentuke kaya daftar pacelathon / dialog. Digawe kaya kuwi tujuane supaya gampang diapalake dening para paragane. Penonton bisa ngerti isine sandiwara saka pacelathon lan solah tingkahe para paraga.
Mula nulis naskah sandiwara saliyane nampilake dialog becike uga diwenehi petunjuk ngenani aktinge paraga lan gambaran setting utawa latar, tujuane supaya wong sing arep mentasake naskah sandiwara mau wis duwe gambaran sing jelas.
Crita gancaran
kaya crita cekak (cerpen) utawa novel bisa didadekake sumber kanggo nulis naskah sandiwara.
Yen arep nulis naskah sandiwara, sing kudu digatekake yaiku :
a. nganggo tandha titik dua ( : ) sawise nulis arane paraga, diterusake nulis isine dialog
b. dialog / pacelathon paraga ditulis sak jerone tanda kutip ( “ ........ “ )
c. keterangan akting / solah tingkahe paraga ditulis sak jerone tanda kurung ( ...... )
d. saben pacelathon paraga diwenehi nomor urut, gunane kanggo nggampangake yen lali ngapalake dialog
Wujud Crita:
Bandung Bandawasa kaget nalika krungu swarane jago kluruk. Panyawange tumuju ing langit sisih wetan.
“ Lho kok wis esuk?”
Bandung mlaku ngubengi candhi karo naliti, atine krasa bombong amarga wis kasil nuruti nyipta Candhi Sewu penjaluke Rara Jonggrang.
“Jonggrang…mrenea wong ayu! Candi Sewu panyuwunmu wis dadi. Sedhela maneh sliramu dadi garwaku, Jonggrang!” Bandung nimbali Rara Jonggrang.
Rara Jonggrang teka karo naliti ngubengi candhi. Terus nyedhaki Bandung.
Bandung : “Lho kok wis esuk?” (Bandung mlaku ngubengi
candhi karo naliti)
“
Jonggrang…mrenea wong ayu! Candhi Sewu panyuwunmu wis dadi. Sedhela maneh
sliramu dadi garwaku, Jonggrang!”
(Jonggrang teka terus ngubengi
candhi karo naliti. Dheweke nyedhaki Bandung )
Jonggrang : Sliramu pancen sekti mandraguna, Kangmas.
Nanging bareng wis taketung pranyata candhine kurang siji.”
Sadurunge para siswa nggarap tugas,
tontonen luwih dhisik sandiwara iki !
- Sebutna sapa bae paragane lan terangna wateke saben paraga! (Contone: Amir wateke sregep lan seneng tetulung)
- Sebutna latar/ setting panggonan lan swasana sing ana ing sandiwara mau. (Contone: panggonane ing kutha kang rame, wong lan kendaraan pating sliwer ing dalan gedhe )
- Adhedhasar sandiwara sing wis ditonton, tulisen isi critane kanthi ringkes nganggo ukara lan basamu dhewe cara Pemalangan. Saparagraf bae!
- Tulisen naskah sandiwara njukuk saka cuplikan sandiwara sing ditonton iki mau, gawenen cukup 3 dialog. Tulisen kanthi nggatekake cara nulis naskah sandiwara sing wis diterangke ing dhuwur. nganggoa basamu dhewe cara Pemalangan!
- Gigarap ing kertas folio.
- Dikumpulake dina iki, Sabtu 3 Oktober 2020 sadurunge jam 12.00 ing ruang guru (mejane Bu Astu). Aja lali, nganggo pakaian sing rapi lan sopan, sepatunan, lan nganggo masker!
Komentar
Posting Komentar