GEGURITAN
GEGURITAN (PUISI)
A.
Geguritan tradhisional
Guritan yaiku unen-unen (bentuk kebahasaan) ing basa Jawa sing mengandalkan purwakanthi (persajakan/ pengulangan bunyi) minangka kaendahane. Guritan asale saka tembung gurit sing tegese tulisan.
Jaman biyen guritan ditulis kudu nganggo aturan. Jumlah barise ora mesthi, tapi paling sitik ana 4 gatra (baris). Saben barise jumlah suku kata lan guru lagu/persajakane digawe padha. Biasane diawali ukara “Sun nggegurit”.
Tuladha :
Sun nggegurit (saya berpuisi)
Lelakon jaman saiki (kisah jaman sekarang)
Kabeh pemudha pemudhi (semua pemuda dan pemudi)
kutha desa gunung sami (di kota, desa, gunung, semuanya)
mung sinau kang den esthi (hanya belajar yang diutamakan)
Gatekna, guritan ing dhuwur, jumlah barise 4, jumlah suku katane padha kabeh yaiku 8, lan guru lagune kabeh i.
B. Geguritan gagrag anyar (modern)
Geguritan gagrag anyar uga disebut puisi Jawa modern. Bentuk lan basane beda karo sing tradisional. Karangane luwih bebas, jumlah baris lan suku kata bebas ora ana aturan. Kaendahane ana ing pilihan kata (diksi), purwakanthi(persajakan) lan lambang-lambang/kiasan.
C. Ngerteni isine geguritan
Sabenere isine geguritan iku padha bae karo jenis sastra liyane yaiku sing jenise crita kaya cerkak, cerbung, lan liyane. Tapi amarga geguritan iku ditulis kanthi ringkes. Dadi basa sing dienggo padhet. Mula luwih angel dipahami. Carane memahami geguritan supaya ngerti apa isi lan amanate, padha karo cara memahami tembang macapat. Luwih dhisik didata tembung-tembung sing angel, terus digoleki maknane. Bisa nganggo kamus, bisa uga dikira-kira saka hubungane karo tembung liyane ing geguritan mau (koherensi). Ati-ati, sebab geguritan sering nggunakake tembung-tembung sing duwe teges konotasi/kiasan. Yen wis ketemu tegese tembung mau siji lan sijine terus digandheng-gandheng dadi ukara/kalimat lan paragraph.
TUGAS SISWA
1. Waca lan tulisen geguritan ing ngisor iki ing buku tulismu!
Guritan “Mustikaning Wanodya” anggitane Nini Klenyem kapethik saka panjebar Semangat No. 53, 31 Desember 2011)
Mustikaning Wanodya
Sing kadhang malah dadi rebutaning para priya/
Uga dudu gebyaring emas rerenggan angga nomer sajuga/
Sing sok malah marahi dadiné inceraning durjana/
Apa manèh busana yèn modhèl mlaha bisa gawé brahala/
Mripat nakal bakal nyipta pangèntha sing bakal bisa nggugah hawa/
Rongèh lan tregeling solah bawa mracihnani sudaning rega/
Galak sambang liringing nètra tandha asor ajining salira/
Oh genéya jaman saiki sing malah padha dianggo senjata/
Haya piyè kuwi, apa bener merga jagadé wis tuwa?/
Sing prasaja, limpat ing kawruh budi luhur wicaksana/
Grapyak marang kadang rowang yèn pinanggya/
yèn ngendika dèn arah-arah aywa kongsi gawé kuciwa/
Ruruh ririh solah tingkah tan lirwa ing trapsila/
Bekti asih, sandika mring dhawuhing yayah rèna/
Lamun mbésuk wis tekan wanciné pala krama/
Tresna tulus setya bekti marang garwa/
Negesi tembung angel :
2. wanodya : wanita
3. gandhes luwes : luwes banget
4. priya : wong lanang
5. rerenggan : perhiasan
6. angga : awak
7. sajuga : lan/ uga
8. durjana : penjahat
9. mlaha : terbuka (Ind)
10. brahala : maksiat/kejahatan
11. pangèntha : bayangan, angen-angen
12. rongeh : royal
13. tregel : kemayu
14. solah bawa : tingkah laku
15. mracihnani : dadi tandha
16. sambang liring : lirak-lirik
17. nètra : mripat.
18. asor : rendah
19. salira : awak
20. prasaja : sederhana
21. limpat ing kawruh : pinter ing ilmu
22. grapyak : ramah
23. kadang rowang : kanca batir
24. pinanggya : ketemu
25. den arah-arah : dikira-kira
26. aywa kongsi : aja nganti
27. ruruh ririh : alus sabar
28. tan lirwa : ora lali
29. trapsila : tata krama
30. sandika : manut
31. dhawuh : prentah
32. yayah rena : bapak ibu
33. pala krama : nikah
34. garwa : bojo
35. ngendika : ngomong
2. Tulisen terjemahane geguritan mau kaya ing ngisor iki supaya lancar anggone njawab soal ing form mengko!
Rupa sing ayu manis utawa tingkah luwes dianggep durung cukup kanggone wanita//
Sing kadhang malah dadi bahan rebutane wong lanang//
Uga dudu gebyare emas perhiasane awak sing dadi nomer siji//
Sing malah marai dadi incerane penjahat//
Apamaneh nganggo klambi sing modele terbuka bisa gawe bencana//
Mripat nakal tukul imajinasi/angen-angen sing bisa nggugah napsu//
Tingkah laku sing royal genit malah dadi tandha regane awakmu suda/murahan//
Mripat sing panyawange lirak-lirik uga ngedhunake harga dirimu//
Tapi kenapa jaman saiki kabeh mau malah dienggo senjata//
Piye kuwi, apa merga donya iki wis tuwa ?//
Wanita sing bener kuwi becike//
Sing sederhana, pinter ilmune luhur budine lan bijaksana//
Ramah marang kanca batir yen ketemu//
Yen ngomong di kira-kira aja nganti gawe kuciwa/ lara ati//
Lemah lembut alus tingkah lakune ora ninggalke tata krama//
Bekti lan tresna, manut maring pituture bapa ibu//
Yen besuk wis tekan wayahe krama ( nikah )//
- Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur?
- Geguritan ing dhuwur ditujokake kanggo sapa?
- Apa sing dadi incerane durjana manut isine geguritan mau?
- Mripat nakal bakal nyipta pangentha sing bisa nggugah hawa. Tegese tembung "pangentha" yaiku .....
- Tingkah wanita sing royal iku malah ndadekake apa?
- Ing ngisor iki tandhane wanita sing prasaja yaiku ......
- Becike ngomong iku dikira-kira supaya ora nyinggung perasaan. Ukara mau mujudake isine baris ke pira?
- Kepiye sikap sing becik marang wong Tuwa?
- Wanita uga kudu pinter ing pengetahuane amarga .....
- Menawa wanita wis diwasa lan krama, kudu setya lan bekti marang sapa?
Komentar
Posting Komentar