NULIS GEGURITAN

 KD 4.1 Menulis dan membaca Geguritan
4.1.1 Mampu menulis geguritan dengan tema tertentu 


Ayo disiapke buku lan alat tulismu! Eling lho, cathetanmu mengko bisa nambah nilai!

Nulis Geguritan

Wis dibahas ing minggu wingi geguritan padha karo puisi Jawa. Nulis utawa ngarang iku sawijining pakulinan/ kebiasaan. Sapa sing biasa bakale bisa lan gampang, nanging sing ora kulina, ya rumangsa angel. Padahal nulis/ngarang iku manfaate akeh, kaya ta:

-          Ngembangke kreativitas

-          Nggampangake proses sinau

-          Nambah daya ingat

-          Ndadekake ati seneng lan semangat

-          Ngilangi pikiran negative

Lan isih akeh liyane

        

Nulis geguritan padha karo nulis puisi modern ing kasustraan Indonesia, ora ana aturan – aturan tartamtu kayadene pantun utawa puisi lama. Cacahing pada (bait) bebas, mengkono uga cacahing larik.

Apa bae sing kudu digatekake nalika nulis geguritan yaiku :

1.      Tema (undhering gagasan)

Sadurunge nulis, penyair kudu nentokake tema. Apa gagasan sing muncul ing pikirane penyair, kuwi sing dadi dasare tema. Apa bae bisa didadekake tema, upamane : ketuhanan, kemanusiaan, nasionalisme, katresnan lan liyane sing ana ing sakupenge uripe manungsa.

2.      Diksi (pilihan tembung)

Tembung – tembung sing dipilih kanggo nulis geguritan kudu bisa kanggo medharake gagasan kanthi pas. Tembung mau uga bisa sing duwe makna kias utawa simbol-simbol/lambang. Luwih apik yen bisa nganggo tembung-tembung  sing ora  lumrah dienggo. Mula menguasai sinonime tembung bisa nggampangke siswa nulis geguritan. Upamane laut ( = samodra, jaladri, jalanidi).

3.      Imajeri (penginderaan/pencitraan)

Imajeri yaiku tembung sing bisa menehi bayangan apa-apa sing dirasakke panca indrane manungsa. Kaya-kaya bisa gawe pembaca apa sing ditulis dening panganggit (kaya melu weruh, krungu, ngambu, nyecep, lsp).

4.      Purwakanthi (persajakan)

Pamilihe tembung uga kudu nggatekake swara, sing kadang-kadang swara mau kudu dibaleni supaya krasa endah pas geguritan mau diwaca/dilisanke.

Purwakanthi dhewe kena ditegesi runtuting swara. Swara kang runtut ( diulang-ulang) bisa saka vokal (huruf hidup a,i,u,e,o), konsonan(huruf mati) lan tembung (kata). Adhedhasar karuntutane swara, purwakanthi kabedakake dadi telu (3), yaiku :

1.      Purwakanthi Swara ( sing dibaleni swara vokal a,i,u,e,o)

Tuladha :   

ana dina, ana upa  (a)                                                                                                        

Tutwuri Handayani (i)                                                

2.      Purwakanthi Sastra (sing dibaleni swara konsonan/huruf mati)

Tuladha :    

katula-tula katali (t,l)                                                    

Bibit, bobot, bebet  (b, t)                                                

Titi, tata, tatas, titis   (t, s)                                               

3.     Purwakanthi Basa (sing dibaleni  tembung/kata)

Tuladha :    

kowe kudu eling, eling marang para pahlawan  ( sing dibaleni tembung eling)

5.      Tipografi (Tata Wajah/Tulis)

Supaya luwih narik perhatian, tata tulise geguritan bisa direka-reka . Bisa rata kanan, rata kiri, utawa ora teratur kaya umume.

6.      Lelewaning basa (majas)

Lelewaning basa (majas) perlu dienggo supaya maknane luwih jero. Tuladha :

pucuking wit klapa

ngranggeh mega-mega sing mlayu

nggodha

pucuk wit klapa lan mega diibaratke padha karo manungsa sing bisa ngranggeh lan mlayu. Kanthi ngono geguritane luwih urip.

7.      Amanat (piweling)

wong nganggit/nulis mesthi ana tujuane. Tujuane penyair mau bisa mujudake sawijining piweling utawa pitutur utawa amanat sing berguna kanggo para pamaos.


Sawise maca andharan ing dhuwur, garapen tugas-tugas iki! 

Tugas 1

Waca lan tulisen tuladha geguritan iki ing bukumu!

CARITA ING PESISIR

pesisir
kang nyatheti lunga tekane ombak
lan nyekseni geguyone blarak
dheweke mung mesem sepa nyawang sepiku
 
apa manuk ing sulaking mega bisa andum pawarta?
bab sliramu kang aling-aling ing waliking cakrawala?
wis ora ketung lakuning warsa
nganti rikma wus ganti warna
endi wujude prasetya?
 
saiki
ing pesisir iki
rasaku katut kasempyok ombak bebarengan pasir kang keli
manawa bae bakal kandheg ing sungapan kana
utawa melu menyang dhasaring samudra
 
lilanana panyuwunku
gawanen bali sigaraning atiku

 

                                    (astu  okt’2019)


Sawise diwaca geguritan mau, gatekna panganggone tembung. Ana tembung-tembung sing ngemu majas/ gaya bahasa  contone: 

pesisir
kang nyatheti lunga tekane ombak

baris-baris sing ngemu purwakanthi ( pengulangan bunyi) contone:

apa manuk ing sulaking mega bisa andum pawarta?
bab sliramu kang aling-aling ing waliking cakrawala?
wis ora ketung lakuning warsa
nganti rikma wus ganti warna
endi wujude prasetya?

yen dideleng, kabeh baris dipungkasi/diakhiri aksara  a


Tugas 2

Gawenen geguritan kanthi tema pilihan: ketuhanan, utawa katresnan








Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )