TEKS DESKRIPSI PERISTIWA BUDAYA
KD 3.1. Memahami isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya
Indikator :
3.1.1 Menemukan
dan mencatat kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam wacana deskriptif
tentang peristiwa budaya
3.1.2 Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam konteks kalimat
3.1.3. Mengajukan
dan menjawab pertanyaan wacana yang didengarkan dalam ragam krama
TEKS DESKRIPTIF PERISTIWA BUDAYA
A.
Teks Deskripsi
Jenis tulisan ana papat yaiku: Eksposisi, Deskripsi, Argumentasi, lan Narasi ( supaya nggampangake, yen disingkat EDAN ). Jenis tulisan mau ana kanggone dhewe-dhewe. Ana sing kanggo nulis crita, laporan, pidato, biografi, lan sapanunggalane. Ing wulangan iki para siswa arep dijak sinau
ngenani wacana deskriptif.
Wacana
deskriptif yaiku wacana sing nggambarake
kanthi jelas sawijining kaanan kanthi nggunakake tembung-tembung sing cetha
utawa gamblang saengga sing maca kaya-kaya ngrasakake, ngalami utawa meruhi
dhewe apa-apa kang tinulis. Titikane wacan deskriptif iku: 1). nyata, tegese
bisa dirasa dening panca indra, 2). sifate obyektif, tegese apa kang
digambarake iku apa anane. 3) nggambarake obyek kanthi sajelas-jelase..
Dene
wujude karangan deskripsi iku:
1.
Deskripsi spasial, yaiku nggambarake samubarang
kang arupa ruang utawa panggonan.
2.
Deskripsi impresionatis, yaiku nggambarake
samubarang kanthi cara subyektif adhedhasar kesan utawa pandhangan pribadhi
penulise.
3.
Deskripsi realistis, yaiku nggambarake samubarang
kanthi obyektif apa anane tanpa kesan apa pendapate penulis.
Gatekna wacan deskripsi ngisor iki
lan tulis bab-bab penting sing ana ing wacan!
Memetri Bumi Desa Karangsembung Cilacap
Prastawa budaya adat tradhisi akeh ditindakake ing
desa-desa saindenging Nusantara, utamane ing tanah Jawa. Kejaba memetri bumi,
ana kang ngarani bersih desa, sedhekah bumi lan uga ana kang ngarani baritan,
utawa liyane. Senajan arane beda-beda, nanging tujuane ya meh padha wae. Anggone nindakake
budaya tradhisi memetri bumi, pilihan sasine, dina lan pasarane, saben desa
duwe petung dhewe-dhewe, miturut adate dhewe-dhewe. Ana kang nindakake ing sasi
Sura, ana uga ing sasi Mulud lan ana uga ing sasi Dzulkaidah utawa Apit, sarta
sasi liyane, manut keyakinane para warga desane.
Kaya kang ditindakake dening warga desa Karangsembung
Kecamatan Nusawungu Kabupaten Cilacap, ing dina Setu Kliwon tanggal 11
Dzulkaidah 1949, utawa tanggal 13 Agustus 2016, sisan memperingati dina
Kamardhikan Republik Indonesia kang kaping 71 kepungkur.
Tembung memetri
tegese ngrumat kanthi becik, ngudi
supaya dadi luwih apik. Memetri
bumi, karepe njaga lan ngudi supaya
lestari Bumi saisine, utawa diarani amemayu
hayuning bawana. Mula sadurunge adicara mirunggan Memetri Bumi, para warga
desa gotong royong ngadani resik-resik lingkungan padesan. Ing
dina kang wis ditetepake, wanci awan adate ana acara ruwat bumi lumantar
pagelaran Ringgit Purwa kang ditindakake dening dhalang ruwatan, bubar wektu
mahgrib biasane diterusake gelar wilujengan, banjur wengine diterusake
pagelaran Wayang Kulit sawengi natas.
Mangkono uga kang lumaku ing desa Karangsembung
Kecamatan Nusawungu. Mung ana bedane, warga desa Karangsembung duwe keyakinan
menawa ngadani wilujengan memetri bumi, kudu korban nyembeleh kebo paling ora
2 (loro) utawa sarakit. Daging gulu sapengisor tekan suku didumake marang para
warga, dene endhase diolah bebarengan kanggo srana ana ing gelar wilujengan/slametan.
Mesthi wae butuh ragad ora sethithik, kabeh warga kanthi ikhlas padha
nyengkuyung urunan, semampune.
Desa Karangsembung jembare 303.199 Ha, jumlah
pendhudhuk udakara 5053 jiwa, dumadi saka 908 KK, pangupajiwane saperangan
gedhe petani lan buruh tani. Ananging khusus ing taun iki, warga desa
Karangsembung utamane Rakhmat Kepala Desa sarta Tarman Hadiprayitno minangka
pangarsane Panitia, kaya kajugrugan
wukir sari, kaluberan segara madu, amarga tanpa kanyana nampa sumbangan
lumantar program pengabdian masyarakat saka Universitas Indraprasta PGRI
(UNINDRA) Jakarta pimpinane Rektor Prof. Dr. H. Sumaryoto, sumbangane yaiku
pagelaran Wayang Kulit kanthi mentasake dhalang kondhang Ki. H. Anom Suroto
lan Ki Mohamad Prasetyo Pamungkas Bayu Aji saka Surakarta, saubarampene.
Ing bengi kuwi sebagian Dosen sarta Mahasiswa Universitas Indraprasta PGRI Jakarta
kang dumadi saka Fakultas Ilmu Pendidikan & Ilmu Sosial (FIPPS) Fakultas
Tehnik Matematika & IPA (FTMIPA), Fakultas Bahasa dan Seni (FBS) lan
Fakultas Pascasarjana (FPs), klakon ngumpul melu nyengkuyung ngadani wilujengan
ing Bale Desa Karangsembung sarta wungon bareng warga ing lapangan desa Karangsembung.
Senajan udan grimis, lapangan papan pagelaran wis prasasat kaya sawah mentas
diluku, suprandene penontone meksa mbludak, ora mung saka Kecamatan
Nusawungu sakukuban, nanging uga saka njaban tlatah. Ora keri Bupati Cilacap, H.
Tatto Suwarto Pamuji kang diampingi dening Camat Nusawungu, Agus Firmanuddin,
S.Sos, Msi, dalah para pejabat liyane uga rawuh.
Unindra Jakarta
kang duwe mahasiswa cacah 34.000, kanthi semboyan Murah ananging ora murahan,
anggone nguri-uri budaya, utamane kesenian Jawa, dudu mung slogan thok nanging
dipersudi kanthi temen tenan, kasil gawe gumun lan erame warga bebrayan. Ing
bengi kuwi, kanggo miwiti pagelaran, para Dosen Unindra mitontonake kepinterane
olah seni Karawitan lan pentas dhalang cilik Nakmas Raffi (8 taun) kang
mentasake sabet perang kembang-Bambangan mungsuh Cakil lan Buta babrah, sarta
nakmas Prama (10 taun) kang mentasake saben budhalan tekan perang gagal, lan
uga pagelaran Beksan Lenggeran Banyumasan. Senajan Raffi lan Prama wiwit lahir
nganti saiki mapan ana ing Jakarta, anggone ngolah antawacana. Sabet wayang,
dhodhogan, keprakan sarta mranata wiramaning gendhing, katon wis wasis lan
trampil, bisa gawe gumun lan cingake para penonton. Bareng ditelusuri nyatane
Raffi lan Prama kuwi klebu putra wayahe Prof. Dr. H. Sumaryoto sang rektor
Unindra.
Minangka penutupe acara memetri bumi, bengi kuwi
pagelaran Wayang Kulit sawengi natas, dhalang Ki H.Anom Suroto lan Ki.MPP. Bayu
Aji anggelarake crita Sesaji Raja Suya utawa Pendhawa Syukur, kang uga
sinengkuyung dening Mbak Agi, waranggana asli saka negara Hongaria kang wasis
nyindhen lan teteh ngendikan basa Jawa.
TUGAS SISWA
Sawise diwaca teks deskripsi ing dhuwur, jawab pitakonam ing ngisor iki! Tulis ing buku tulismu!
1.
Apa
irah-irahane ( judul) wacan ing ndhuwur ?
Wangsulan : Irah-irahan waosan ing nginggil
inggih punika Memetri
Bumi Desa Karangsembung Cilacap.
2.
Kapan prastawa
Memetri Bumi ing desa Karangsembung dianakake?
Wangsulan : .............................................................................................
.............................................................................................
3.
Sapa kang dadi
kepala desa wektu iku ing desa Karangsembung?
Wangsulan :
.............................................................................................
............................................................................................
4.
Sapa kang dadi
ketua panitia ing adicara mau?
Wangsulan :
.............................................................................................
.............................................................................................
5.
Terangna apa
kang dadi sumbangan kanggo panitia memetri bumi?
Wangsulan :
............................................................................................
............................................................................................
............................................................................................
6.
Ing adicara
memetri bumi mau, apa kang dikorbanake lan banjur dikapakae?
Wangsulan :
............................................................................................
...........................................................................................
...........................................................................................
7.
Sebutna pentas
purwakane ( wiwitan) pagelaran wayang ing wacan?
Wangsulan :
...........................................................................................
...........................................................................................
...........................................................................................
8.
Apa sebabe para
warga padha gumun nalika nonton wayang ?
Wangsulan :
..........................................................................................
..........................................................................................
.........................................................................................
9.
Sebutna lakon
wayang kang ditontonake ing adicara memetri bumi mau !
Wangsulan :
........................................................................................
........................................................................................
.........................................................................................
10.
Terangna
lumakune adicara memetri bumi ?
Wangsulan :
............................................................................................
............................................................................................
Kanthi njawab pitakonan nomer 1-10 siswa wis padha karo ngringkes isine teks ing dhuwur mau.Bar kuwi bisa nggarap soal-soal ing google form!
Komentar
Posting Komentar