MENULIS PIDATO


 

4.3  Membuat dan menyampaikan teks pidato.
 
Indikator
4.3.1  Membaca contoh teks pidato.
4.3.2  Mengidentifkasi struktur pidato.
4.3.3  Menuliskan kerangka teks pidato.
4.3.4  Mengembangkan kerangka teks pidato menjadi naskah pidato.
4.3.5  Menulis teks pidato.
         

           

      
        WACANEN TEKS SESORAH/PIDATO IKI!   

Assalamualaikum  Wr.Wb.

Nuwun kawulanuwun.

Sing takmulyakake  Bapak Sasmita Hadi minangka Kepala Sekolah Banyubening, Bapak Ibu Guru Ian staf Tata Usaha, sing takurmati. Sarta anak-anakku kabeh, siswa kelas VII, VIII, Ian IX sing taktresnani.

Ayo kita kabeh memuji ngaturake panuwun marang Gusti sing Maha Agung sing wis paring berkah marang kita kabeh saengga ing wektu iki kita bisa kumpul ing lapangan iki saperlu nganakake upacara kaya adat saben dina Senin tanpa ana rubeda apa bae.

Bocah-bocah  sing taktresnani, ing kalodhangan iki Bu Palupi arep crita marang kowe kabeh, apa sing tau takdeleng durung suwe iki. Pirang wulan kepungkur ing Pemalang ana pentas aneka satwa sing manggon ing Sirandu. Wektu iku dipentasake maneka warna kewan kaya ta manuk kakaktua, lingsang, beruang madu, lan lumba-lumba, Kewan mau padha mamerake kepinteran werna-werna. Bisa jejogedan manut iringan musik, etung-etungan,   pit-pitan,  dodol-dodolan   bakso lan liyane.  Ndeleng  tontonan  mau atiku trenyuh banget, semono gedhene  kuasane Gusti Allah saengga  kewan-kewan   mau bisa dilatih pinter turnindak  kayadene.manungsa, Apamaneh bareng tontonan mau wis rampung, para penonton padha genti-genten foto bareng karo lumba-lumba. Pancen lumba-lumba kuwi dikenal minangka kewan sing cerdas. Sawise aku mau ngungun ndeleng atraksine  lumba-lumba   sing apik banget mau, aku tambah eram amarga lumba-lurnba mau kanthi sabar ngancani para penonton sing kepengin foto bareng. Kaya-kaya dheweke  kepengin  nyenengake  penontone.

Bocah-bocah   sing taktresnani, kuwi mau critaku nonton  pentas aneka satwa sing nabet banget ing atiku minangka guru. Coba Cah, saupama  kewan-kewan   mau urip ing alam bebas, apa kira-kira bisa padha pinter kaya kuwi ? Ora ta ? Aku mbayangake, mesthi ora gampang turnrap para pawang lan pelatihe nggladhi kewan-kewan mau nganti bisa pinter lan trampil nindakake prentahe para pelatih lan bisa dadi tontonan sing apik banget. Apamaneh kewan-kewan mau ora bisa  diajak komunikasi kaya manungsa.  Mesthi  mbutuhake  wektu suwe lan kesabaran  sing luwih-luwih,

Bocah-bocah, sabenere tontonan mau mujudake piwulang kanggo kita kabeh, yen arep nggayuh apa bae kanthi hasil sing apik kudu sinau kanthi temen, sabar, lan tlaten. Manungsa iku salawase urip kudu tansah sinau. Nalika isih cilik, b,apak  lan ibu kanthi tlaten momong lan nuntun kita, kawit durung  bisa mlaku nganti saiki wis padha pinter mlayu. Ngajari wicara, kepriye kita bisa matur kanthi sopan,  uga bab-bab liyane sing prasaja  nanging wigati kanggo urip kita. Bareng wis sekolah bapak ibu guru kanthi  sabar mulangake kawruh. Sing sakawit kita ora bisa dadi bisa, sing ora ngerti dadi ngerti. Saliyane mulangake kawruh, bapak ibu guru uga menehi pitutur bab kabecikan lan budi pekerti, saengga para siswa bisa mbedakake  endi sing ala lan becik.

Kanthi mengkono  siswa ora mung jembar kawruhe  nanging uga dadi bocah sing becik bebudene.   Mula para siswa, yen kowe diparingi -piwulang lan pitutur saka bapak ibu guru, kabeh mau tampanen kanthi   seneng, sanajan angel lakonana kanthi sabar lan ikhlas. Mengko kowe sing bakal ngundhuh lan ngrasakake  paedahe, sebab ilmu mau bakal  dadi sanguning  uripmu kanggo ngadhepi  sakabehing  kahanan,

Bocah-bocah sing taktresnani mula ayo kita bebarengan  nindakake pakaryan sing utama, sing migunani kanggo  panguripan.   Sinau kanthi temen supaya apa sing dadi gegayuhan kita bisa kasembadan.   Ora ana tembung kasep lan tembung angel, sing anamung   tembung ora gelem  ngupaya.  Muga-muga  apa  sing  takomongake iki mumpangati  kanggo kowe kabeh. Tak kira cukup semene omonganku  iki manawa ana lupute aku njaluk pangapurane. 

 

Nuwun.

Wassalamualaikum   Wr. Wb.

 

TUGAS  SISWA

 Pidato ing dhuwur diwaca ta, mesthi bocah-bocah paham amarga nganggo basa ngoko. 
Yen wis garapen tugas ing ngisor iki!

       1. Tulisen wos/inti saka saben bagiane pidato (sing bagian ISI lan PANUTUP, sing ana             tanda titik-titike wae). Terangna kanthi ringkes!

      a.       Pambuka
-          Salam
-          Atur pakurmatan
-          Atur puji syukur
 
b.      Isi
-          …………………………………………
-          …………………………………………
-          ………………………………………….
-          ………………………………………….
 
c.       Panutup
-          Dudutan/simpulan …………………….
-          Saran/pengarep-arep ………………….
-          Njaluk pangapura ……………………..

2. Wacanen paragraph  ing ngisor iki, terus gantinen nganggo basa krama manut kemampuanmu dhewe-dhewe.

Assalamualaikum  Wr.Wb.

Nuwun kawulanuwun.

Sing takmulyakake  Bapak Sasmita Hadi minangka Kepala Sekolah Banyubening, Bapak Ibu Guru Ian staf Tata Usaha, sing takurmati. Sarta anak-anakku kabeh, siswa kelas VII, VIII, Ian IX sing taktresnani.

Ayo kita kabeh memuji ngaturake panuwun marang Gusti sing Maha Agung sing wis paring berkah marang kita kabeh saengga ing wektu iki kita bisa kumpul ing lapangan iki saperlu nganakake upacara kaya adat saben dina Senin tanpa ana rubeda (alangan) apa bae.

 

          Hasil garapanmu ditulis ing kertas folio, dikumpulake ing sekolahan. Dina Sabtu 27 Februari        2021,   paling awan jam 12.30.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )