MENULIS TEMBANG DURMA
NGARANG TEMBANG DURMA
Kompetensi Dasar
4.4 Menulis syair tembang Durma
Indikator:
4.4.1
Mengidentifikasi
struktur tembang Durma
4.4.2
Menulis syair tembang
Durma
A.
Titikan/ciri-ciri Tembang Durma
Ing wulangan semester siji, para siswa wis sinau werna-wernane tembang macapat, pathokane
tembang macapat, sasmitane tembang macapat lan watake tembang macapat, khususe tembang
Dhandhanggula. Ing
wulangan iki arep dituduhake titikane utawa ciri-cirine tembang Durma.
Titikane tembang Durma yaiku :
1. Watake galak, nantang, nesu,
2. Guru gatrane ana 7 gatra/larik
Guru wilangan
lan guru lagune : 12a, 71, 6a, 7a, 8i, 5a, lan 7i
3. Durma iku saka tembung “darma” sing tegese
weweh. Wong yen wis rumangsa kecukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih
marang kadang mitra liyane kang lagi
nandhang kekurangan, mula banjur
duwe rasa kepengin
darma/weweh marang sesamane. Kabeh
mau uga jumbuh/cocok karo piwulang
agama lan watak sosiale manungsa.
B.
Latihan Nulis
Cakepan/ syair
Tembang Durma
Paugeran/ aturane tembang
Durma wis ditulis
ing ndhuwur. Sadurunge para siswa latihan nulis
tembang Durma, ing ngisor iki tuladha cakepane tembang Durma sing basane gampang kaya basa sing
dienggo sadina-dina.
Durma
Dipun
eling saiki mangsane udan
Banyu ing endi-endi
Yo padha waspada
Bebarengan padha
Njaga
lingkungan ben resik
Supaya aja
Dadi bencana banjir
Piye, gampang to. Pancen kudu dicoba, supaya bisa. Sing penting kudu ngeling-eling
aturane tembange. Sing luwih penting maneh ana niat kanggo bisa. Yen mung nurun
gampang wae, akeh karya tembang sing wis dadi, tapi para siswa ora bakal oleh
pengalaman apa-apa sing berharga kanggo awakmu dhewe.
TUGAS SISWA
- . Tulisen tembang Durma 1 pada/ 1 bait karyamu dhewe. Temane nyritakake mangsa udan. Akeh banget sing bisa dicritakake bab mangsa udan. Bisa tentang banjir, tentang para tani padha nandur, tentang tanduran sing pada semi katon endah, hawane sing atis, lan liyane
- Yen wis dadi, tulisen karyamu ing kertas sampul warna-warni lan dihias sing apik.
- Bisa uga ditulis ing Canva (sing durung tau bisa karo nyoba, deleng petunjuke!)
- Hasil karyamu ( ing poin nomer 2 utawa no 3) difoto, lan terus dicetak printer.
- Fotone dikumpulake dina Senin ing ruang guru mejane Bu Astu.
- Tugas ing KD iki nilaine dhuwur amarga luwih angel, mula garapen sing temenan!
SEMANGAT !!!
Kanggo nyinau Canva, bisa klik link ing ngisor iki ya!
https://www.youtube.com/watch?v=5FFP2VtqGn0&feature=youtu.be
Adhedhasar pathokan tembang Durma, gawea cakepan tembang Durma kanthi basamu dhewe !
Gatra 1 : 12 a
Gatra 2 : 7 i
Gatra 3 : 6 a
Gatra 4 : 7 a
Gatra 5 : 8 i
Gatra 6 : 5 a
Gatra 7 : 7 i
Komentar
Posting Komentar