PIDATO
3.1 Menelaah Teks Pidato
Indikator
:
3.3.1
Mengidentifikasi
struktur pidato.
3.3.2
Menjawab pertanyaan
tentang isi pidato.
3.3.3
Mengungkapkan isi
wacana pidato secara
tertulis
Siapake buku lan alat tulismu. Materi pidato ing ngisor iki tulis ing bukumu!
A. Jinise Sesorah
Sesorah
mujudake sawijining cara kanggo menehi informasi marang masyarakat utawa wong
akeh. Utawa uga lumrah disebut pidato.
Sesorah bisa dibedakake manut tujuane lan carane.
Manut tujuane, sesorah bisa dibedakake :
1. Sesorah
Informatif = tujuane kanggo nambah kawruh/pengetahuan marang pamiyarsa.
2. Sesorah Argumentatif = tujuane kanggo
ngyakinake pamiyarsa ngenani sawijining
panemu.
3. Sesorah Persuasif = tujuane
golek pengaruh supaya pamiyarsa gelem nindakake apa isine sesorah.
4. Sesorah Deskripsif = tujuane kanggo nggambarake sawijining prastawa / kaanan marang pamiyarsa.
5. Sesorah Rekreatif = tujuane kanggo aweh panglipur/hiburan marang
pamiyarsa.
Sesorah bisa diaturake kanthi
4 cara, yaiku :
1.
Spontan (
impromptu ), Pamedhar sabda (wong sing pidato) nindakake
kanthi spontan / langsung.
2.
Apalan, sadurunge sesorah, pamedhar sabda wis nyiapake naskah lan ngapalake tetembungane.
3.
Maca teks, anggone nindakake sesorah, pamedhar sabda
maca teks.
4. Ekstemporan, nalika sesorah, pamedhar sabda mung
nggawa cathetan cilik isi pokok – pokoking
rembug sing arep diandharake kanthi ringkes.
Teks Sesorah ngisor iki gatekna!
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Dwija Linuwih, minangka Kepala SMPN 10 ingkang
kula mulyakaken
Bapak/Ibu guru sarta karyawan SMAN 10 ingkang kula hormati,
sarta para kanca siswa SMPN 10 ingkang kula
tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga kita sedaya
sesarengan ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang
sampun paring pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, saengga kita sedaya saged kempal
ing aula SMPN 10 kanthi rahayu,
pinaringan bagas waras, boten kirang setunggal menapa.
Para Bapak, Ibu, tuwin para tamu sedaya, kula
minangka sesulih para kanca kelas IX , boten kesupen ngambali atur sugeng rawuh
saha matur nuwun, dene sampun kersa ngrawuhi pepanggihan menika.
Kejawi menika, kula ugi matur nuwun dhumateng Bapak Kepala SMPN 10 ingkang sampun
kersa nampi sarta ngampili sadaya sarana, ubarampe tuwin samudayanipun kangge lancaripun
pepanggihan menika. Mugi-mugi kesaenanipun pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Asih. Aamiin.
Bapak Ibu Guru, ingkang
angka sepisan, kula lan para kanca siswa kelas IX ngaturaken
agunging panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Rahim ingkang sampun paring pitulungan
ngantos para kanca siswa kelas IX ing taun menika saged lulus sedaya 100%.
Dene ingkang angka kalih, kula minangka sesulihipun para kanca matur nuwun sanget dhumateng para Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun kersa maringi piwulang, ilmu, wewarah, tuwin pitedah ingkang murakabi sanget. Sih katresnanipun Bapak saha Ibu Guru dhumateng kula sakanca menika wau mugi pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Asih.
Ingkang
kaping tiga, kula ngrumaosi bilih kula sakanca rumiyin asring nakal, boten manut, nglanggar peraturan
sekolah, lan sanes-sanesipun. Sadaya wau temtu damel jengkelipun Bapak Ibu Guru.
Pramila kula sedaya nyuwun
Bapak/Ibu Guru kersa paring pangaksama.
Bapak Ibu mekaten ingkang saged kula aturaken. Boten langkung kula sakanca ugi tansah nyuwun tambahing pangestu mugi saged nglajengaken wonten sekolah lanjutan ingkang kula idham-idhamaken. Ing wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten kekirangan sarta kalepatanipun kula
pribadhi nyuwun pangapunten.
Akhirul kalam, Wabilahiitaufiq wal
hidayah…
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Tembung angel:
- kempal : kumpul
- rahayu : slamet
- kesupen : lali
- ngambali : mbaleni
- sesulih : wakil
- pepanggihan : pertemuan
- ubarampe : perlengkapan
- pitedah : pituduh/petunjuk
- migunani : maedahi/berguna
- pangaksama : pangapura
Perangan/ bagian Sesorah
A.
Pambuka
1.
Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang para
rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakurmatan. Kawiwitan tembung salam.
2.
Atur
Pakurmatan/Sesebutan
Isine ngaturake pakurmatan
marang para rawuh manut keadaane (sesorahe ing endi, sekolah/ kelurahan/ organisasi/ lan liyane) biasane wiwit saka sing paling dhuwur kalungguhane (jabatane).
3.
Atur Pamuji
Isine muji syukur lan panuwun marang
Gusti Allah sing wis paring kesehatan, kenikmatan lan panyuwun supaya adicara kang ditindakake bisa lancar, ora ana
alangan saka wiwitan nganti rampung.
B. Isi/wigatining sesorah
Ngaturake apa tujuane
sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini,
ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial utawa liyane. Isi sesorah mujudake intine sesorah.
C. Panutup
1. Dudutan/Simpulan
Isine bab dudutan/simpulan isine sesorah.
2.
Pangarep-arep/harapan
Nyuwun donga pangestu marang para
rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane (cita-cita) bisa kaleksanan.
Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal warsa)
bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma,
ceramah apa kang diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh.
3. Njaluk
Pangapura
Isine nyuwun pangapura marang para
rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak
tanduk. Sesorah biasane dipungkasi kanthi salam utawa nuwun/matur nuwun.
TUGAS SISWA
Sawise materi ing dhuwur ditulis ing bukumu, soal-soal ing ngisor iki tulis lan garapen dhisik ing bukumu!
- Sapa sing sesorah/pidato ing teks dhuwur mau!
- Sesorah ing dhuwur diaturake ing acara apa?
- Sapa wae sing diaturi pakurmatan ing sesorah mau?
- Kenangapa wong sing sesorah ngaturake puji syukur marang Gusti Allah?
- Kula minangka sesulih para kanca kelas IX. Apa tegese tembung "sesulih" ?
- Ing poin ka-loro (angka loro) saka pidato mau apa sing diomongake?
- Kenangapa wong sing sesorah njaluk pangapura marang bapak ibu guru?
- Apa bae intine ing bagian panutup sesorah?
- Apa pengarep-arepe wong sing sesorah?
- Apa piwulang sing bisa dijukuk saka isine pidato mau?
3.
Komentar
Posting Komentar