PUPUH DURMA WULANGREH
3.2 Menelaah Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh
Durma
3.2.1
Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang
dianggap sulit.
3.2.2
Menjawab pertanyaan tentang isi tembang.
3.2.3
Mengungkapkan secara tertulis isi/ amanat tembang
Serat Wulangreh pupuh Durma
Serat
Wulangreh mujudake bahan ajar wajib ing SMP.
Kenapa? Amarga isine ngemu pitutur sing apik banget kanggo kabeh wong ,
ora mung wong Jawa. Akeh wong sing nglakoni uripe mung sakepenake dhewe ora manut
paugerane ( aturane ) wong urip saengga gawe rugining pasrawungan, kalebu
ngganggu katentreman. Mula para siswa minangka bocah sing isih remaja sing lagi
nedhenge berkembang apik banget yen gelem maca lan sinau isine Serat Wulangreh.
Maca teks sing isine becik bakal nuntun marang tumindak becik uga mbentuk watak
lan kapribaden sing becik uga.
Ing
piwulang dina iki bakal tak cuplikake 4 pada (bait) Serat Wulangreh Pupuh
Durma. Ayo padha diwaca terus ditulis ing buku cathetanmu!
Pada 1
Dipunsami
ambanting sariranira,
cegah dhahar lan guling,
darapon sudaa,
nepsu kang ngambra-ambra,
rerema ing tyasireki,
dadi sabarang,
karsanira lestari
Biasakanlah melatih
dirimu//
Berprihatin mengurangi
makan dan tidur//
Agar berkurang nafsu
yang menggelora//
Tenangkan hatimu//
Sehingga segala sesuatu//
Yang menjadi tujuanmu bisa tercapai
Pada 2
Ing
pangrawuh lair batin aja mamang
yen sira wus udani
mring sariranira
lamun ana kang murba
masesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryanira ugi
Tentang pengetahuan lahir dan batin jangan ragu//
Jika kau sudah memahami//
Bahwa pada dirimu itu//
ada yang berkuasa//
serta mengatur alam juga kehidupan ini//
maka akan berhasil sesuatu//
yang kaukerjakan //
Pada 3
Bener luput ala becik lawan beja
cilaka mapan saking
ing badan priyangga
dudu saking wong liya
mulane den ngati ati
sakeh dirgama
singgahana den eling
Benar salah, buruk baik,
untung dan//
celaka, berasal dari//
dirimu sendiri//
Bukan dari orang lain//
Oleh karenanya
berhati-hatilah//
Segala perbuatan buruk//
hindarilah dan selalu kau ingat//
Apan ana sesiku telung prakara
puniki lirira
yoking telung prakara
poma ywa nggunggung sireki
sarta lan aja
nacat kepati-pati
nanging gedhe pribadi
Ada tiga perkara utama//
Yang akan menjadikan dirimu besar//
Itu adalah//
Tiga perkara itu//
Janganlah kamu menyombongkan
dirimu//
Dan juga jangan//
Mencela/menjelek-jelekkan//
TUGAS SISWA
Pupuh Durma iki kabehe ana 12 pada/bait. Supaya ngerti isine kanthi lengkap, saiki bocah-bocah bisa mbukak link ing ngisor iki.
https://e5631.wordpress.com/2016/01/06/serat-wulangreh-pupuh-durma/
Mau wis ditulis pada/bait 1-4, supaya lengkap tulis
ing buku cathetanmu unine pada/bait 5-12 sekaligus terjemahane. Supaya bocah-bocah ngerti isine kanthi lengkap lan uga apa pitutur becike.
Sadurunge
mbukak lan nggarap soal ing google form, garapen dhisik soal ing ngisor iki. Tulisen lan garapen kabeh ing bukumu!
SOAL :
- Ing pada/ bait 1 , kenangapa wong kudu gelem laku prihatin kaya ngurangi mangan lan turu?
- Wong sing gelem laku prihatin, atine tenang, bakale kepiye?
- Ing pada 2, kita kudu duwe keyakinan marang sapa ?
- Ing pada 3, kedadean apa bae sing kita alami iku asale saka sapa ?
- Mula sikap sing kepiye sing kudu kita tindakake ?
- Kabeh tumindak sing kurang becik kudu disingkiri lan dieling-eling. Iku unine pada/bait pira lan baris ka pira?
- Apa telung perkara sing bisa ndadekake manungsa dadi wong sing luhur?
- Poma ywa “nggunggung” sireki. Tegese tembung nggunggung yaiku
- Kepiye ciri-cirine wong sing nganggo benere pribadi ?
- Yen ngerti ana wong sing tumindak kurang becik, apa sing kudu kita tindakake?
Komentar
Posting Komentar