SANDIWARA TRADISIONAL JAWA

 3.3  Menelaah naskah sandiwara

 
3.3.1  Mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan tentang isi sandiwara
3.3.2  Menceritakan isi sandiwara
 

Assalamualaikum wr wb
Sugeng enjang para siswa kelas 9
Muga-muga kita kabeh diparingi kesehatan lan kanugrahan saking Gusti Allah. Aamiin..

Ing dina iki kita sinau ngenani sandiwara tradisional basa Jawa. Ayo ditulis dhisik ing bukumu!

Apa sandiwara iku? Sandiwara uga diarani lakon utawa drama yaiku sawijining carita (bisa tertulis utawa ora tertulis) sing tujuane dipentasake. Dadi sandiwara bisa nganggo naskah utawa ora (= spontan).

Kaya dene jenis karya sastra liyane, sandiwara uga ngemot unsur-unsur intrinsik. Unsur- unsur intrinsik sing ana ing sandiwara yaiku :


1.  Tema

 

Tema yaiku gagasan pokok, ide, utawa pikiran utama sing dadi dasar carita mau ditulis.


2.  Paraga

 

Paraga yaiku kabeh pawongan/tokoh  sing ana ing sawijining carita. Ana sing dadi paraga utama lan ana sing dadi paraga tambahan gumantung marang gedhe cilike peranan ing carita mau.


3.  Watake tokoh/paraga

 

Saben paraga duwe watak dhewe-dhewe. Paraga protagonis adate duwe watak kang becik, pinter, manut marang wong tua lan sipat-sipat becik liyane. Paraga antagonis umume kadunungan watak kang ala, culika, ora duwe tata krama, lan sapanunggalane. Ing sandiwara, watake paraga bisa dideleng saka polahe paraga nalika dialog, ekspresine, isine carita, lan tumindake paraga ing carita mau.


4.  Alur

 

Alur  yaiku  urutane  peristawa  utawa  kedadean  kang  ana  ing  carita  sing  nuduhake hubungan sebab akibat.


5.  Latar

 

Latar yaiku katrangan ngenani papan, wektu, lan swasana dumadine carita. Latar sing ana ing sandiwara kang dipentasake umume sesambungan karo tata panggung (dekorasi panggung), tata cahaya, lan tata swara.


6.  Amanat
Amanat yaiku pitutur becik sing ana ing sajerone carita mau, sing bisa dijukut kanggo patuladhan para penontone.


Wacanen naskah sandiwara ing ngisor iki!


Naskah ing dhuwur dilakonake dening kanca-kanca saumuranmu. Tontonen sandiwara ing ngisor iki!

Sawise ditonton sandiwara mau, garapen dhisik soal-soal iki ing bukumu!
  1. Sebutke sapa bae tokohe/paraga sing ana ing cerita mau!
  2. Tokoh Pangeran ing sandiwara  mau ana ing tengah alas arep apa?
  3. Dheweke ketemu karo wong wadon tuwa, sapa wong wadon iku?
  4. Terus wong wadon mau ngomong  kepiye marang Pangeran?
  5. Ing desa liyane ana Mbok Randha Klenthing sing duwe anak papat. Kepiye sikape Mbok Randha marang anak-anake mau?
  6. Sapa sing arep ngunggah-unggahi Andhe-Andhe Lumut?
  7. Kepiye proses/lelakone ngunggah-unggahi Andhe-Andhe Lumut?
  8. Apa sing dialami Klenthing Kuning?
  9. Kepiye tanggapane Pangeran marang para Klenthing?
  10. Sapa sabenere Pangeran iku? Terangna saka isine naskahe!




Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )