24 Juli 2021  

PENILAIAN  1

3.1 Memahami Teks Naratif

TEKS NARASI

 

Teks Narasi  yaiku karangan utawa paragraf, sing nyritakake kedadean/ peristiwa kanthi       waktu  sing runtut saka wiwitan ( awal ) nganti pungkasan ( akhir ). Pamaos kaya kaya nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate duwe perangan pokok yaiku kedayean, paraga, lan konflik.

Ciri-cirine Teks naratif yaiku:

  1. Isine bab carita prastawa utawa kedadean.
  2. Wacan narasi iku duwe unsur tokoh/paraga, prastawa, wektu. 
  3. Wacan narasi bisa awujud fiksi lan nonfiksi.
  4. Wacan narasi iku duwe tujuan nuwuhake (menimbulkan) kesan utawa pengalaman kanggo sing maca.
 Dideleng saka isine, teks naratif jenise werna-werna:

1. Narasi Informatif

 Wacan narasi informatif iku biasane duwe tujuan menehi informasi  kanthi trep ngenani sawijining prastawa kanthi maksud njembarake seserepan prastawa marang wong liya. 

2. Narasi ekspositoris 

Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi katrangan lugu/ apa anane.Upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa kanca nyritakake kedadeyan kang diweruhi nalika dolan.

 3. Narasi Artistik

Wacan narasi artistik iku wujud karangan kang duwe maksud lan tujuan khusus, biasane arupa amanat marang pamaos kaya-kaya nyekseni dhewe prastawa kanthi langsung.

 4. Narasi Sugestif

 Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen angene wong kang maca.  Upamane : dongeng , cerkak, novel, roman


A.   Wacanen  crita ing ngisor iki!



LULUS  TESTING

( Dening: Dr. Tjatur Hendrarto )

 

Wis rong wulan iki yen awan bali sekolah aku nyambi dadi tukang cuci mobil ana servis cucian mobil kagungane Pak Rohmad. Hasile kena kanggo nyukupi kebutuhanku sekolah ing SMP, turahane taktitipke simbok yen ana perlu sawayah-wayah. Sok-sok katut kanggo blanja simbok. Ya ora apa-apa, wong simbok pancen ora duwe dhuwit. Malah aku seneng bisa sithik-sithik mbantu simbok. Pagaweane mung buruh umbah-umbah sandhangan, yen ora ana sing nimbali. Dene bapak sing maune nyambut gawe dadi tukang batu, telung sasi kepungkur tinimbalan merga ketabrak truk. Mula simbok tak eman-eman tenan.

     Awan iki aku ngumbah sedhan anyar kagungane Pak Seno, juragan tempe sing sugih brewu lan loma. Aku kaget  banget rikala lawang sedhan sing arep dakumbah dakbukak. Ing ngisor jok ana dhuwit atusan ewu saklembar. Jane ya wis bola-bali aku nemu dhuwit ing jero mobil sing dakumbah. Sing kerep atusan cring. Yen nemu dhuwit ora tau dakpek, mesthi dakseleh ana dhuwur jok ngono bae.

Nanging awan iki aku rumangsa dheg-dhegan. Lha wong satus ewu. Lagi sepisan iki aku nemu dhuwit semono akehe. Weruh wujude dhuwit atusan ewu bae ya lagi iki. Alus gilap, kincling, nyenengake. Jroning ati aku melik kepengin nduweni, sebabe sedhela maneh ujian, mesthi butuh ragad akeh. Kathik Pak Seno iku priyayi sugih brewu, upama mung cicir atusan ewu saklembar paling ora pirsa. Upama pirsa rak ya ora ngerti yen sing nemu aku, batinku.

     Sawise jero resik, lawang mobil daktutup maneh. Aku banjur ganti ngumbah rodha. Karo nyemproti rodha aku tansah mikir, arep dakjupuk aku dosa, sebab padha karo maling, njupuk barang sing dudu darbeke. Menawa ora dakjupuk kok rasane eman-eman, mandhak ora ana sing weruh bae.

     Nganti wayahe ngelapi mobil aku terus mikir prakara dhuwit iku. Sakeplasan aku kelingan ngendikane bapak nalika isih sugeng.

“Santo, aku meling karo kowe. Kapan wae, kowe kudu tansah tumindak jujur lan temen sebab wong jujur lan temen iku bakale nemu kabegjan!”

     Sawise kelingan ngendikane bapak kaya ngono mau dhuwit dakjupuk, terus marani lenggahe Pak Seno karo matur, ”Pak Seno, punika kalawau wonten arta ing ngandhap jok. Kula aturaken, mangke menawi kabur kenging angin eman-eman.”

     Kanthi pasuryan padhang Pak Seno ngendika,”Wah, matur nuwun ya San, dhuwitku kok temokne. Iki kanggo kowe.” Pak Seno banjur ndudut dhuwit puluhan ewon saka dhompete diulungake aku.

     “Matur nuwun Pak, boten usah. Punika kalawau namung ngleresi kula manggihaken,” aku nulak kanthi alus.

     Pasuryane Pak Seno tambah padhang banjur jumeneng mlebu daleme Pak Rohmad, lan ngendika karo Pak Rohmad sajak wigati. Ora let suwe Pak Rohmad miyos nimbali aku.

     “San, renea mlebu kene, aku arep ngomong karo kowe.”

     Ditimbali ngono aku dadi ndhredheg karo mikir, “Iki ana apa, apa olehku tumindak kleru sebab ora matur luwih dhisik marang Pak Rohmad? Yen dianggap kleru ya ora apa-apa, sing penting niyatku tumindak apik.”

     Aku banjur mlebu ruwang tamu. Ing kono Pak Seno wis lenggah ana sofa sajak santai kaya ana daleme dhewe. Dene Pak Rohmad sajake lagi tindak menyang buri.

     “Renea San, lungguh kene,” dhawuhe Pak Seno.

     Kanthi kikuk aku lungguh adhep-adhepan karo Pak Seno. Sawetara suwene aku meneng bae karo karo ndhingkluk. Tujuane ora let suwe Pak Rohmad miyos karo ngasta unjukan sirup rong gelas. Sing siji diaturke Pak Seno, sijine diparingake aku.

     “Gage ombenen dhisik, aku arep ngomong karo kowe,” dhawuhe. Pancen pas ngelak, ora kesuwen sirup dakombe glenggeng, kari setengah gelas. Adhuh, segere....

     “Kowe ngerti apa ora, Pak Seno iki?” Pak Rohmad ndangu aku.

     “Ngertos. Pak Seno punika ingkang kagungan pabrik tempe,” aturku.

     “Bener, nanging kurang komplit. Ngertia ya, sejatine Pak Seno iki kakangku dhewe. Pak Seno ngendika karo aku menawa jaman saiki golek bocah sing jujur lan temen kuwi angel. Kamangka Pak Seno butuh bocah sing kaya ngono mau, arep didhawuhi nunggu daleme sing ana pinggir dalan gedhe. Rencanaku kowe sing arep dakaturake. Pak Seno setuju nanging ngersakake arep dites luwih dhisik bab kejujuranmu. Dhuwit atusan ewu mau pancen mung pasangan kanggo nyoba kowe. Nyatane kowe jujur temenan. Dadi iki mau kowe lagi bae lulus testing. Pamrayogaku kowe ndhereka. Bab sekolah mengko Pak Seno sing bakal nanggung, lan simbokmu mengko aku sing njelaske,” ngendikane Pak Rohmad akeh-akeh. “Piye San?”

Krungu ngendikane Pak Rohmad mau, sauwat aku ora bisa kumecap. Luhku mbrebes mili. Ing batin mbenerake welinge bapak. Wusana kanthi swara seret ngempet tangis aku matur, “Kula purun, nanging badhe matur simbok rumiyin.”

                                                            ( kapethik saka Jaya Baya No. 19, 6-12 Januari 2002 )

    Bocah-bocah tulis lan wangsulana pitakon ing ngisor iki ing bukumu!

      1.      Sapa wae paraga/tokoh carita ing dhuwur? 
2.      Carita mau kedadeyane ing endi?
3.      Santo nyambut gawe dadi apa?
4.      Apa kedadeyan sing dialami Santo ing panggonane nyambut gawe?
5.      Akhire apa sing ditindakke Santo?
6.      Apa sing nyebabake Santo tumindak kaya ngono?
7.      Sapa Pak Seno iku?
8.      Pak Seno apane Pak Rohmad?
9.      Kepiye akhire nasibe Santo?
10.  Pitutur apa sing bisa dijukuk saka crita mau?

 


31 Juli 2021  

PENILAIAN  2

4.1 Menanggapi Teks Naratif

B. Tulisen maneh isine crita ing dhuwur nganggo basa/ukaramu dhewe, carane :

1. Wacanen carita Lulus Testing ing dhuwur.

2. Eling-elingen isine crita mau ( intine Pak Rahmad ngusulne Santo sing arep ditugasi nungguni omahe Pak Seno, nanging Pak Seno kepengin ngetes kejujurane Santo . Mengko dikembangake kowe dhewe, nganggo bahasamu dewe)

3. Tulisen maneh  isine crita mau kanthi ringkes cukup  dadi 1 paragraf. Perhatikan... cukup dadi 1 paragraf singkat kira-kira 7-10 kalimat bae. Gampang to? Sengaja digawe gampang supaya bocah-bocah seneng olehe nggarap. 

 

Ditulis ing bukumu khusus kanggo mapel Bahasa Jawa

Terus yen wis dikerjakake ing buku, bocah-bocah mbuka link Google Form sing dishare ibu ing WA grup.

 

 

07 Agustus 2021 

PENILAIAN  3

ULANGAN TEKS NARATIF 

Assalamualaikum wr wb....

Minggu-minggu wingi bocah-bocah wis nggarap tugas A (KD 3.1) lan B (KD 4.1). Kanggo Sing tugas B, akeh garapanmu sing durung bener ana uga sing asal-asalan. Nulisake maneh isine crita sing diwaca ana carane. Ora kabeh ukara/kalimat disalin maneh, malah kudune nganggo kalimat sing beda karo isine bacaan mau. Bayangke wae kaya nalika bocah-bocah nonton sawijining sinetron terus dicritakake maneh karo kancamu. Mesthine ora mungkin kowe crita padha persis karo basane artis sinetrone. Tapi wis diganti nganggo basamu dhewe. Coba dideleng ing ngisor iki!

 Tuladha ngringkes crita sing bener kaya iki:

     Santo nyambut gawe ing tempat cucian mobil. Sawijining dina pas ngumbah mobile Pak Seno yaiku wong sing kagungan pabrik tempe, Santo nemu dhuwit satus ewu rupiah.  Atine Santo rumangsa bingung. Dheweke butuh dhuwit, tapi yen dijukut iku tumindak ora apik ……… (lan sateruse)

 Gampang to? Kuwi mung conto, kalimate ora kudu kaya kuwi.  Tapi bocah-bocah sungkan nyoba, dadi nilaine ya ora memuaskan. Paling-paling mung bocah sethithik sing gelem berusaha.

Wis, dina iki bocah-bocah ulangan harian. Sadurunge kowe nggarap ing google form, digarap dhisik soal-soal iki supaya mengko bisa lancar, gampang, lan apik hasile! Sapa sing bijine ora apik berarti durung maca lan nggarap soal-soal iki! 

Aja lali diwaca maneh crita "LULUS TESTING" ing dhuwur ya!

Tulis lan garapen soal ing ngisor iki ing bukumu khusus Bahasa Jawa!

  1.   Apa sing diarani teks naratif iku?
  2.  Dongeng, crita cekak, kalebu jenise teks naratif apa?
  3. Sapa wae paraga/tokoh carita ing dhuwur?
  4. Santo nyambut gawe dadi apa?
  5. Santo bocah sing tresna marang simboke. Apa buktine?
  6. Apa kedadeyan sing dialami Santo ing panggonane nyambut gawe?
  7. Akhire apa sing ditindakke Santo?
  8. Apa sing nyebabake Santo tumindak kaya ngono?
  9.   Kepiye akhire nasibe Santo?
  10. Golekana ukara/kalimat ing carita mau sing nuduhake kabecikane Santo sing pantes kita tiru !                           

Yen wis rampung olehe nggarap soal ing dhuwur ing buku, mengko bocah-bocah bisa nerusake nggarap ing Google Form. Muga-muga sukses!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

SERAT WULANGREH PUPUH SINOM (KLS 7 SEM 2)

CARITA RAMAYANA ( Materi BDR kelas 9 semester 1 )