NGARANG TEMBANG MACAPAT
NGARANG TEMBANG MACAPAT DHANDHANGGULA
KD
4.2 Menulis syair tembang macapat Dhandhanggula
karya sendiri
Sugeng
enjang para siswa.
Sugeng
pepanggihan malih ing BDR Bahasa Jawa.
Aja
bosen sinau!
Sapa
sing temen, cita-citane bakal tinemu. Aamiin.......
Minggu wingi bocah-bocah wis sinau
pathokane tembang macapat.
Pathokane
tembang macapat ana werna telu yaiku :
1.
guru gatra
2.
guru wilangan
3.
guru lagu
Apa karepe pathokan werna telu iku mau? Delengen meneh buku cathetanmu! utawa bisa dibukak blog kanthi alamat iki https://belajarbsjawa08.blogspot.com/2020/08/tembang-macapat-kelas-9.html !
Minggu iki kita arep sinau ngarang
tembang macapat. Aja kuatir angel. Apa
bae katon angel yen durung dicoba. Waca
lan tulisen piwulang ing ngisor iki ing buku cathetanmu mapel Bahasa Jawa :
CARANE NGARANG
TEMBANG MACAPAT
1. - Golek
conto/ tuladha tembang Dhandhanggula sing
wis dadi
2. - Conto
tembang Dhandhanggula sing wis dadi mau terus diudhari ( diuraikan ) adhedhasar
guru gatra, guru wilangan lan guru
lagune
3. - Milih
tema
4. - Milih
tembung-tembung ( kata ) sing cocok karo temane
5. Tembung-tembung
mau ditata dadi gatra/ larik-larik aja lali kudu trep ( sesuai ) karo pathokane
tembang yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagune
Saiki dideleng proses/ praktek ngarang tembang ing ngisor iki !
- Golek tembang sing wis dadi kaya conto ing ngisor iki
- Saben larike ditulis angka urute supaya gampang olehe ngetung guru gatra
1. Nanging yen sira nggeguru kaki,
2. amiliha manungsa kang nyata,
3. ingkang becik martabate,
4. sarta kang wruh ing khukum,
5. kang ngibadah lan kang wirangi,
6. sokur oleh wong tapa,
7. ingkang wus amungkul,
8. tan mikir pawewehing liyan,
9. iku pantes sira guronana kaki,
1. Guru gatra ( larik ) jumlahe ana : 10
2. Guru
wilangan ( suku kata ) :
gatra
1 : 10
gatra
2 : 10
gatra
3 : 8
gatra
4 : 7
gatra
5 : 9
gatra
6 : 7
gatra
7 : 6
gatra
8 : 8
gatra
9 : 12
gatra
10 : 7
3. Guru
lagune ( swara a, i, u, e, o ing akhir larik )
yaiku :
gatra
1 : i
gatra 2 : a
gatra 3 : e
gatra 4 : u
gatra
5 : i
gatra
6 : a
gatra
7 : u
gatra
8 : a
gatra
9 : i
gatra
10 : a
·
Minangka conto kita milih tema : mengeti
proklamasi kamardikan RI
1. Kita nggoleki tembung-tembung sing
cocok karo tema mau,
2. Ditata dadi larik-larik kanthi
nggatekake guru wilangan ( jumlah suku kata ) lan guru lagu ( tibane a, i, u,
e, o ) ing akhir larik. Kudu padha karo
pathokan tembang Dhandhanggula kaya ing contone.
Dadine kaya iki :
1. ayo para pemuda pemudi ( 10 i )
2. kabeh melu aja ketinggalan ( 10 a )
3. mengeti kamardikane ( 8 e )
4. Indonesi-a iku ( 7 u )
5. wis pitu lima taun iki ( 9 i )
6. bebas saka penjajah ( 7 a )
7. lan terus membangun ( 6 u )
8. tugas kita para mudha ( 8 a )
9. nerusaken cita-cita ingkang suci ( 12 i )
10. adil makmur santosa ( 7 a )
PENILAIAN 5
TUGAS SISWA
Tugase para siswa yaiku ngarang tembang macapat Dhandhanggula kaya conto ing dhuwur, tapi kanthi tema :
BDR
( Belajar Dari Rumah ) 1 pada/bait wae. Ditulis neng bukumu catetan
mapel Bahasa Jawa.
Yen wis dadi, tembang gaweanmu mau diketik maneh ing Google Form, lan
dikirim kaya tugas minggu wingi.
Tiru cara penulisan tembang kaya ing dhuwur supaya Bu Guru gampang olehe ngoreksi!
GARAPEN SING JUJUR, AJA SENENG NURUN KARYANE WONG LIYA!
Kanggo nggarap, klik link ing ngisor iki!
Komentar
Posting Komentar